Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 4:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. He wong Israel, padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah,awit Sang Yehuwah kagungan prakara karo wong isine nagara kene,marga ora ana kasetyan lan ora ana katresnan marang Allah,sarta ora ana kang wanuh marang Gusti Allah ing nagara kene.

2. Kang ana mung ipat-ipat, goroh, memateni sarta nyenyolong,laku jina, nglakoni pangroda-peksa,lan ngwutahake getih tanpa kendhat.

3. Mulane nagara iki bakal prihatin,lan kang manggon bakal padha katon nglayung;uga kewan-kewan ing ara-ara lan manuk ing awang-awang,dalasan iwak-iwak ing sagara bakal padha sirna.

4. Mung bae aja ana wong kang nggugat,lan aja ana wong kang ngluputake,awit sira kang Sungugat, he imam!

5. Kang iku sira bakal keplesed tiba ing wayah awan,uga nabi bakal keplesed tiba bareng karo sira ing wayah bengi;lan biyungira bakal Sunsirnakake!

6. UmatingSun sirna marga ora wanuh marang Allah,amarga sira kang emoh wanuh,mulane sira Suntampik dadi imamingSun,lan sarehne sira iku ngungkurake piwulange Gusti Allahira,mulane Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira.

7. Saya mundhak akeh cacahe,dosane marang Ingsun iya saya wuwuh,kaluhurane bakal Sunijoli kanisthan.

8. Padha oleh pangan marga saka dosane umatingSun,lan ngarep-arep supaya umatingSun nindakake kaluputan.

9. Mulane kayadene nasibing rakyat,iya kaya mangkono iku nasibing imam:bakal Sunukum kalakuanelan Sunwales kang dadi panggawene.

10. Bakal padha mangan, nanging ora bisa wareg,padha laku jina, nanging ora tangkar-tumangkar,awit wus padha ninggal marang Pangeran Yehuwah lan nggondheli sundel.

maca bab lengkap Hosea 4