Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 13:11-15 Kitab Sutji (JAV)

11. Sira Sunparingi ratu sajroning bebenduningSun,sarta kang Sunpundhut sajroning bramatyaningSun.

12. Durakane Efraim kabuntel,dosane disimpen.

13. Nglarani arep duwe anak iku sadurunge bayine lair,nanging dheweke iku anak kang tanpa budi,awit anggone obah ora ngetrepi wektune,bareng wus tekan ing wancine, emoh metu saka ing guwa-garbane ibu.

14. Apa Ingsun bakal ngluwari wong-wong iku saka pamisesane jagade wong mati,utawa Suntebus saka ing pati?Heh pati, ana ing ngendi pageblugira,he jagade wong mati,ana ing ngendi kakuwatanira ngrusak?Ing paningalingSun ora ana kawelasan.

15. Sanadyan dheweke thukul subur ana ing satengahe suket-suket,ewasamono bakal katrajang angin saka ing wetan,iya angine Sang Yehuwah,kang midid saka ing pasamunan,sarta belik-belike bakal diastake,lan tuk-tuke dipateni,raja-darbeke dijarah-rayah,yaiku sakehe barang kang endah.

maca bab lengkap Hosea 13