Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 13:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Samangsa Efraim celathu, wong-wong padha gumeter;diajeni banget ana ing satengahe Israel,nanging banjur kaluputan marga nyembah Baal, temahan mati.

2. Tekan saiki padha terus bae anggone gawe dosa,sarta gawe reca cor-coran salaka,iya gawe brahala-brahala manut kapinterane;kabeh iku gaweane para tukang.Wong-wong padha dicelathoni: Padha saosa kurban!Manungsa kareben ngabekti marang pedhet-pedhet!

3. Mulane bakal padha kaya pedhut ing wayah esukutawa kayadene ebun kang esuk umun-umun ilang,lan kaya mrambut kang kabur ing angin saka ing panuton.Iya kaya kukus kang metu saka ing cendhela.

4. Nanging Ingsun iki Yehuwah Allahira,wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir;sira ora wanuh allah liyane, kajaba Ingsun,iya ora ana Juruslamet maneh liyane Ingsun.

5. Ingsun kang wanuh sira ana ing pasamunan,tanah kang banget panase.

6. Bareng wus padha mangan suket, banjur bisa wareg,bareng wus wareg, nuli kumalungkung,temahan padha lali marang Ingsun.

maca bab lengkap Hosea 13