Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 10:8-15 Kitab Sutji (JAV)

8. Tengger-tengger pangurbanan Awen, yaiku dosane Israel,bakal padha kasirnakake.Misbyah-misbyahe bakal padha kathukulaneri lan rerungkudan.Sarta wonge bakal padha nylathoni gunung-gunung:“Aku padha sasabana!”,lan marang tengger-tengger: “Aku padha ebrukana!”

9. He Israel, wiwit jamane Gibea sira wus gawe dosa;ana ing kana padha gumregah nglawan.Ana ing Gibea apa ora bakal ketututan ing perangkang nglawan marang para wong culika?

10. Ingsun rawuh prelu nggebagi wong-wong iku,bangsa-bangsa bakal padha nglumpuk nglawan marangwong-wong iku,samangsa padha kasiksa marga saka kaluputane rong prakara.

11. Efraim iku biyen pedhet kang wus digladhi lan dhemen nutu,sarta Ingsun remenmarang githoke kang apik,Efraim iku Sunrakitake,Yehuda kudu mluku,Yakub kudu nggaru lemah kanggo awake dhewe.

12. Sira padha nyebara kang cundhuk karo kaadilan,ngundhuha kanthi katresnan!Mbukaka tanah anyar,marga wus wancine ngupaya marang Sang Yehuwah,nganti panjenengane rawuh sarta maringi kaadilan kang luber marang sira.

13. Sira wus padha mluku kadurakan,kaculikan kang sira undhuh,sarta sira wus padha mangan wohing doracara,marga sira wus padha ngendelake ratanira,apadene kehing prawiranira.

14. Bakal jumedhul gumuruhing perang ana ing antarane bangsanira,lan sakehe betengira bakal kagempur,kaya Salman anggone nggempur Bet-Arbeling kalane campuh perang,biyung dalah anak-anake padha diremuk.

15. Kaya mangkono iku bakal Suntandukake marang sira,he turune Israel,marga saka bangeting kadursilanira.Ing wayah bangbang wetan ratune Israel bakal katumpes babar pisan.

maca bab lengkap Hosea 10