Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 1:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Yizreel, awit sadhela engkas Ingsun bakal ngukum kulawargane Yehu, marga utang getih ing Yizreel lan Ingsun bakal mungkasi karajan Israel.

5. Ing wektu iku gandhewane Israel bakal Ingsun putung ana ing lebak Yizreel.”

6. Wong wadon mau nuli ngandheg maneh sarta banjur duwe anak wadon; Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Lo-Rukhama, awit turune Israel bakal ora Sunwelasi maneh, lan babar pisan ora bakal Sunapura.

7. Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi demi Sang Yehuwah Allahe. AnggoningSun mitulungi iku ora srana panah utawa pedhang, ora srana gegamaning perang utawa srana jaran apadene prajurit jaranan.”

8. Lo-Rukhama mau bareng wus disapih, wong wadon mau banjur ngandheg maneh lan duwe anak lanang.

9. Gusti Allah banjur ngandika: “Iku jenengna: Lo-Ami, awitdene sira kabeh iku dudu umatingSun, lan Ingsun dudu Allahira.”

10. Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”

11. Karodene turune Yehuda lan turune Israel bakal padha nglumpuk nunggal sagolongan, sarta bakal ngangkat wong siji kadadekake pemimpine, banjur bakal ngejegi nagara iki, marga dinane Yizreel iku bakal elok kaanane.

12. Para sadulurira lanang padha sira kandhanana: “Ami!”, lan marang sadulurira wadon: “Rukhama!”

maca bab lengkap Hosea 1