Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hagai 2:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Sapa panunggalanira kang isih menangi nalika padaleman iki kadunungan kamulyan? Lan kapriye katone marang sira saiki, rak dudu apa-apa ing sapandelengira?

5. Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.

6. Ingsun netepi prasetya kaya kang wus Sunjanjekake marang sira nalika sira metu saka ing tanah Mesir, lan RohingSun tetep ana ing tengahira. Sira aja wedi!

7. Sabab pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, mangkene: Ora antara lawas nuli Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi, sagara lan dharatan.

8. Karomaneh sakehe bangsa bakal padha Sunoregake, satemah sakehe raja-branane bakal digawa mrene, sarta Padaleman iku bakal Sunkebaki ing kamulyan. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.

9. Sarupane salaka iku kagunganingSun, lan sarupane mas iku iya kagunganingSun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi --.

10. Anadene kaendahane Padaleman iki kang besuk bakal ngluwihi kaendahane kang dhisik, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --, lan ana ing panggonan iki Ingsun bakal paring tentrem-rahayu --. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi.”

maca bab lengkap Hagai 2