Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hagai 2:20-24 Kitab Sutji (JAV)

20. apa ing lumbung isih ana winihe? Karodene wit anggur lan wit anjir, wit dlima lan wit jaitun, apa padha dhurung awoh? Wiwit ing dina iki Ingsun bakal paring berkah.”

21. Mbeneri ing sasi iku tanggal kaping patlikur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Hagai kang paing pindhone, surasane:

22. “Sira ndhawuhana marang Zerubabel, bupati ing Yehuda, mangkene: Lah Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi,

23. sarta bakal ngrubuhake dhampare para ratu lan nyirnakake pangwasane karajane para bangsa, sarta ngrusak sakehe kreta dalah kang padha nunggangi; jaran lan kang nunggangi bakal padha ambruk mati, marga saka pedhange kancane.

24. Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Ing dina iku, he Zerubabel bin Sealtiel abdiningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- sira bakal Sunpundhut, Sundamel kaya upamane ali-ali cap; sabab sira kang Sunpilih. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.”

maca bab lengkap Hagai 2