Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hagai 2:14-21 Kitab Sutji (JAV)

14. Pangandikane Nabi Hagai maneh: “Wong kang najis marga dening jisim saupama kagepok kabeh iku mau, kang kagepok apa iya dadi najis?” Wangsulane para imam: “Inggih dados najis!”

15. Ing kono pangandikane Nabi Hagai: “Mangkono uga tumrap umat iki, lan tumrap bangsa iki ana ing ngarsaningSun, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, -- lan sakehe pagaweaning tangane, sarta apa kang padha disaosake ana ing kana, iku najis.”

16. “Mulane saiki, sira padha nggatekna wiwit ing dina iki lan sateruse! Sadurunge wong masang watu siji-siji kanggo mbangun Padalemane Sang Yehuwah,

17. kapriye kaananira? Nalika ana wong niliki tumpukan gandum kang kehe kudune rongpuluh taker, mangka katemu mung ana sapuluh; utawa nalika niliki pamipitan anggur arep nyidhuk seket taker, mangka mung oleh rongpuluh.

18. Ingsun wus nggebag marang sira kalawan ama gosong lan ama lodhoh sarta kalawan udan krikil sakehe gegaweaning tanganira, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

19. Padha nggatekna wiwit dina iki lan sateruse --, wiwit sasi kasanga tanggale ping patlikur; wiwit dinane Padalemane Yehuwah kapasangan pondhamen. Padha nggatekna

20. apa ing lumbung isih ana winihe? Karodene wit anggur lan wit anjir, wit dlima lan wit jaitun, apa padha dhurung awoh? Wiwit ing dina iki Ingsun bakal paring berkah.”

21. Mbeneri ing sasi iku tanggal kaping patlikur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Hagai kang paing pindhone, surasane:

maca bab lengkap Hagai 2