Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hagai 2:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Anadene kaendahane Padaleman iki kang besuk bakal ngluwihi kaendahane kang dhisik, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --, lan ana ing panggonan iki Ingsun bakal paring tentrem-rahayu --. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi.”

11. Nalika tanggal kaping patlikur sasi kang kasanga, ing taun kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi lumantar Nabi Hagai, surasane:

12. “Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Njaluka piwulang marang para imam.

13. Saupama ana wong kang nggawa daging suci ana ing pojoking jubahe, mangka pojoking jubah mau nggepok roti utawa olah-olahan, anggur utawa lenga lan sadhengah apa kang kena dipangan, apa kang kagepok iku iya dadi suci?” Wangsulane para imam: “Boten.”

14. Pangandikane Nabi Hagai maneh: “Wong kang najis marga dening jisim saupama kagepok kabeh iku mau, kang kagepok apa iya dadi najis?” Wangsulane para imam: “Inggih dados najis!”

15. Ing kono pangandikane Nabi Hagai: “Mangkono uga tumrap umat iki, lan tumrap bangsa iki ana ing ngarsaningSun, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, -- lan sakehe pagaweaning tangane, sarta apa kang padha disaosake ana ing kana, iku najis.”

16. “Mulane saiki, sira padha nggatekna wiwit ing dina iki lan sateruse! Sadurunge wong masang watu siji-siji kanggo mbangun Padalemane Sang Yehuwah,

17. kapriye kaananira? Nalika ana wong niliki tumpukan gandum kang kehe kudune rongpuluh taker, mangka katemu mung ana sapuluh; utawa nalika niliki pamipitan anggur arep nyidhuk seket taker, mangka mung oleh rongpuluh.

maca bab lengkap Hagai 2