Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hagai 1:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --: Rasakna kaananira!

6. Sira iku nyebar akeh, nanging sathithik oleh-olehane kang sira gawa mulih; sira mangan, nanging ora nganti wareg; anggonira ngombe ora nganti marem; anggonira nyandhang, ora nganti anget awakira; apadene wong kang buruh, sawuse nyambutgawe anggone nyimpen buruhane ana ing kanthong kang bolong!

7. Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Rasakna kaananira!

8. Padha munggaha ing gunung, njupuka kayu, Padaleman iki kabanguna, temah bakal ndadekake keparenging panggalihingSun, sarta Ingsun bakal ngatingalake kaluhuraningSun ana ing kono, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

9. Sira padha ngarep-arep akeh, nanging oleh-olehane mung sathithik, lan bareng sira lebokake ing omahira, banjur Sunsebul, sabab apa? -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --. Jalaran PadalemaningSun isih tetep dadi jugrugan, mangka sira padha ribut ngopeni omahira dhewe.

10. Mulane langit mandheg anggone nurunake ebun, sarta bumi iya ngendheg pametune.

11. Karodene Ingsun ndhatengake mangsa ketiga ngerak ana ing bumi, ana ing gunung-gunung, sarta kang tumanduk marang gandum lan anggur, tuwin marang lenga lan marang pametune bumi, marang manungsa lan kewan apadene marang sakehe oleh-olehaning panyambutgawe.”

12. Sang Zerubabel bin Sealtiel karo Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta sakekarene umat kabeh, banjur padha ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe lan pangandikane Nabi Hagai, kaya anggone kadhawuhan dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe; bangsa mau banjur wedi marang Pangeran Yehuwah.

13. Ing kono Nabi Hagai, utusane Pangeran Yehuwah iku nuli nglairake pangandika miturut dhawuh piwelinge Sang Yehuwah marang bangsa mau, surasane: “Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun nganthi marang sira!”

14. Karodene Pangeran Yehuwah nggigah semangate Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta semangate sakekarene umat, tumuli kabeh padha teka lan tumandhang ing gawe kanggo padalemane Sang Yehuwah, Gustine sarwa dumadi, Gusti Allahe,

maca bab lengkap Hagai 1