Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hagai 1:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ing sasi kang kaping nem tanggal sapisan, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, kadhawuhake marang Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan marang Imam Agung Yusak bin Yozadak, surasane:

2. “Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Bangsa iku padha ngucap: Saiki durung mangsane mbangun padalemane Pangeran Yehuwah!”

3. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai Mangkene:

4. “Apa iya wus tekan titi-mangsane sira padha manggon ana ing omahira dhewe kang linapis gebyog apik, mangka Padaleman iki tetep dadi jugrugan?

5. Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --: Rasakna kaananira!

maca bab lengkap Hagai 1