Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Habakuk 3:9-19 Kitab Sutji (JAV)

9. Gandhewa Paduka sampun Paduka penthang,sampun Paduka pasangi jemparing (sela).Bumi Paduka belah dados lepen-lepen;

10. redi-redi ningali Paduka, lajeng sami gumeter,bena langkung kalayan swanten gumrojog,samodra nyuwanten,saha njunjung tanganipun.

11. Surya, rembulan sami kendel ing papan padununganipun,margi saking sunaring jemparing-jemparing Paduka ingkang lumepas,sarta margi saking cumloroting waos Paduka ingkang gumebyar.

12. Kanthi bramatya anggen Paduka tindak ndlajahi bumi,para bangsa sami Paduka gebag ing salebeting bendu.

13. Paduka tedhak perlu mitulungi umat Paduka,inggih mitulungi jebadan Paduka.Wuwunging griyanipun tiyang duraka Paduka remuk,dhasaripun Paduka brengkal ngantos selanipun ingkang pungkasan (sela).

14. Pangagenging wadya-bala ingkang ngamukPaduka dhawahi panahipun piyambak,kangge mbuyaraken kawula kalayan asurak-surakkados-kados sami nguntal tiyang ingkang katindhes kalayan sidheman.

15. Kalayan kuda Paduka, Paduka tindak ing saganten,inggih klempaking toya ingkang munthuk.

16. Nalika kawula mireng prakawis punika, gumeter manah kawula,lambe kawula ndhredheg mireng ungelipun;balung kawula kados-kados sami kalebetan bubuk,sarta kawula gumeter wonten ing papan ingkang kawula idak;ewasamanten kawula badhe kanthi ayem ngentosi dinten dhatengipun karibedan,ingkang tumempuh dhateng bangsaingkang gegrombolan nempuh kawula.

17. Sanadyan wit anjir boten medal sekaripun,sarta wit anggur boten wonten wohipun,wit jaitun wohipun damel gela,sanadyan pategilan-pategilan boten ngedalaken bahan tedha,menda sami medal saking kandhangipun,saha ing kandhang boten wonten lembunipun,

18. ewasamanten kawula badhe asurak-surak wonten ing Pangeran Yehuwah,abingah-bingah wonten ing Gusti Allah ingkang ngluwari kawula.

19. Sang Yehuwah, Gustiku iku dadi karosanku:Panjenengane damel sikilku kaya sikiling menjangan,Panjenengane marengake aku lumaku ing tengger-tenggerku.(Kanggo pemimpining juru ngidung, binarung ing swaraning clempung).

maca bab lengkap Habakuk 3