Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Habakuk 2:9-18 Kitab Sutji (JAV)

9. Bilai wong kang ngarah bathi kang ora bakal kanggo kaperluaning brayate; sumedya mrenahake susuhe ana ing papan kang dhuwur, supaya bisa oncat saka ing cangkeremaning bilai.

10. Sira wus ngrancang kawirangan tumrap kulawarganira, yaiku nalika sira duwe karep arep numpes bangsa akeh; kalawan mangkono sira wus kelangan nyawanira.

11. Marga watu-watu padha sambat saka ing tembok, sarta balok nyauri saka ing balunganing omah.

12. Bilai wong kang yasa nagara srana getih lan nalesi beteng kalawan tindak kang ora adil.

13. Lah rak saka karsane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah, anggone para bangsa padha ora ngetung sayah ngupaya geni, sarta para suku bangsa anggone banget-banget padha nggayuh kang tanpa guna?

14. Amarga bumi bakal kawratanan kawruh bab kamulyaning Yehuwah, kayadene sagara anggone kasasaban ing banyu.

15. Bilai wong kang menehi ngombe marang pepadhane kalawan nepsu, marang digawe mendem, supaya weruh kawirangane.

16. Sira wus maregi awakira kalawan kanisthan minangka ijole kaurmatan. Mulane sira iya ngombea uga, lan lumakua kalawan gloyoran. Tuwung kang ana ing astane Sang Yehuwah kang tengen bakal marani sira, sarta kaluhuranira bakal kasasaban ing kanisthan.

17. Marga panganiaya kang tumrap gunung Libanon, iku bakal nasabi sira, lan tumpesing kewan-kewan bakal ngagetake sira, marga saka getihing manungsa kang wutah iku lan marga panganiaya marang nagara, kutha lan para wong isine kabeh.

18. Apa gunane reca ukir-ukiran, apa iku ora diukir dening tukange? Apa paedahe reca cor-coran, guruning dora-cara iku, manawa iku diandelake dening kang gawe, mangka brahala-brahala kang digawe iku nyatane bisu?

maca bab lengkap Habakuk 2