Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Habakuk 2:18-20 Kitab Sutji (JAV)

18. Apa gunane reca ukir-ukiran, apa iku ora diukir dening tukange? Apa paedahe reca cor-coran, guruning dora-cara iku, manawa iku diandelake dening kang gawe, mangka brahala-brahala kang digawe iku nyatane bisu?

19. Bilai wong kang ngucap marang kayu: “Panjenengan mugi karsaa wungu!”, lan marang watu kang bisu: “Panjenengan mugi karsaa wungu!” Apa iku bisa mulang? Pancen recane kang blongsong ing mas lan salaka, nanging ing jerone ora ana rohe babar pisan.

20. Nanging Pangeran Yehuwah ana ing padalemane kang suci. He, salumahing bumi, padha menenga ana ing ngarsane!

maca bab lengkap Habakuk 2