Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Habakuk 2:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Dakngadeg ana ing pangungakan lan mapan ana ing menara, aku arep niliki lan ngadhang-adhang marang apa kang bakal dadi pamangsite marang aku, lan kapriye paring wangsulane tumrap pasambatku.

2. Ing kono Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang aku mangkene: “Wahyu iku sira tulisana, kacathetana kang cetha ana ing papan-papan, supaya kenaa diwaca dening wong kang liwat.

3. Dene wahyu iku isih ngenteni mangsa kang kapesthekake, nanging enggal tumuju marang ing wekasane lan ora bakal nyidrani manawa randhat, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene.

4. Satemene wong kang kumenthus, iku atine ora burus, nanging wong kang bener iku uripe awit saka pracayane.

5. Wong kang gumunggung lan umuk, iku mesthi ora bisa lestari; iku ngangapake cangkeme kaya jagading wong mati, lan ora bisa wareg-wareg kaya si pati, nganti sakehe suku bangsa padha diklumpukake lan sakehe bangsa padha digiring menyang ing ngarepe.”

6. Kabeh mau rak bakal padha ngucapake bebasan ing ngatase dheweke, sarta lagu pangerang-erang tuwin padha nyemoni mangkene: Bilai wong kang ngrayud kang dudu duweke, -- nganti pira lawase iku? -- lan kang ngemoti barang gadhen pirang-pirang marang awake dhewe?

maca bab lengkap Habakuk 2