Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 8:33-36 Kitab Sutji (JAV)

33. Ing dina kaping pate selaka lan mas tuwin piranti-piranti mau nuli padha katimbangan ana ing padalemaning Allah kita kaseksenan dening Imam Meremot bin Uriya, kalawan diamping-ampingi Imam Eleazar bin Pinehas lan kabiyantu dening wong Lewi, yaiku Yozabad bin Yesua lan Noaja, bin Binui.

34. Kabeh mau padha diwilang lan ditimbang maneh lan gunggunging bobote dibukoni.

35. Ing wektu iku uga wong kang wus padha bali saka ing tawanan, yaiku kang wus padha bali saka ing pambuwangan mau banjur padha nyaosake kurban obaran marang Gusti Allahe Israel arupa sapi lanang rolas kanggo wong Israel sabangsa kabeh, wedhus gembel lanang sangang puluh nenem, cempe wedhus gembel pitung puluh pitu, lan wedhus berok lanang rolas kanggo kurban pangruwating dosa, kabeh padha kanggo kurban obaran katur marang Sang Yehuwah.

36. Karodene padha nyaosake layang dhawuhe Sang Prabu marang para wakile Sang Prabu lan para bupati ing dhaerah sabrange kulon bengawan Efrat, lan para priyagung mau padha paring sumbangan marang bangsa kita lan marang padalemane Gusti Allah.

maca bab lengkap Ezra 8