Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 8:26-33 Kitab Sutji (JAV)

26. Aku uga nimbang kang banjur dakpasrahake marang ing tangane: selaka nem atus seket talenta, lan piranti selaka pengaji satus talenta, emas satus talenta,

27. tuwung emas rong puluh kang pengaji sewu dirham, apadene piranti tembaga murni kang gumilap lan endah kaya mas rong iji.

28. Sarta aku banjur kandha marang wong-wong mau: “Kowe iku padha wong sengkeran sumaos marang Sang Yehuwah lan piranti-piranti iki uga padha dadi sengkeran suci, sarta selaka lan mase iki dadi pisungsung manasuka konjuk marang Sang Yehuwah Gusti Allahe para leluhurmu;

29. iku rawatana lan reksanen, nganti tumeka wektune katimbang, ana ing sangarepe para pangareping imam lan para wong Lewi tuwin para panggedhening kulawangsane wong Israel ing Yerusalem, ing gedhong-gedhong padalemane Sang Yehuwah.”

30. Para imam lan para wong Lewi iku banjur padha nampani selaka lan mas tuwin piranti-piranti kang wus katimbang iku, bakal digawa menyang ing Yerusalem, menyang ing padalemane Gusti Allah kita.

31. Sawuse mangkono aku tumuli padha budhalan saka ing pinggire kali Ahawa menyang Yerusalem, yaiku nalika sasi kapisan tanggal ping rolas, ngener Yerusalem, lan astane Gusti Allah kita ngayomi marang kita, sarta ngedohake kita saka ing tangane mungsuh lan begal.

32. Wusana lakuku wus tekan ing Yerusalem, aku banjur padha leren telung dina.

33. Ing dina kaping pate selaka lan mas tuwin piranti-piranti mau nuli padha katimbangan ana ing padalemaning Allah kita kaseksenan dening Imam Meremot bin Uriya, kalawan diamping-ampingi Imam Eleazar bin Pinehas lan kabiyantu dening wong Lewi, yaiku Yozabad bin Yesua lan Noaja, bin Binui.

maca bab lengkap Ezra 8