Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 8:16-29 Kitab Sutji (JAV)

16. Mulane aku tumuli kongkonan Eliezer, Ariel, Semaya, Elnatan, Yarib, Elnatan, Natan, Zakharia, lan Mesulam, kabeh iku panggedhe, apadene Yoyarib lan Elnatan, iku guru-guru,

17. iku padha dakweling supaya nemoni Idho, kepala dhaerah ing kutha Kasifya. Cangkeme padha dakiseni pitembungan tumuju marang Idho lan para sadulure, para abdi ing padalemane Gusti Allah ing kutha Kasifya kono supaya nggolekna wong kang padha nglakoni ayahan ana ing padalemane Allah kita.

18. Sarehne astane Gusti Allah kang sipat mirah ngayomi aku kabeh, aku banjur padha dikirimi wong kang wasis-wasis saka bani Mahli bin Lewi, bin Israel, yaiku Serebya saanak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong wolulas,

19. apadene Hasabya lan Yesaya saka bani Merari, karo para sadulure lan anak-anake, gunggung wong rong puluh;

20. sarta maneh panunggalane para abdi ing padalemaning Allah, kang wus padha kaparingake dening Sang Prabu Dawud lan para panggedhe kang padha katetepake ngladeni marang wong-wong Lewi, kehe rong atus rong puluh, kabeh padha kadhaftar jenenge.

21. Aku tumuli ngundhangake puwasa ana ing pinggire kali Ahawa kono, kareben aku padha ngesorake dhiri ana ing ngarsane Gusti Allah kita sarta nyuwun slameting lakuku marang Panjenengane tumrap aku kabeh, anak-anakku apadene tumrap sabarang darbekku kabeh.

22. Amarga aku isin saupama nyuwuna wadya-bala lan wadya-bala jaranan marang Sang Prabu kang rumeksa marang aku kabeh lan kang nanggulangi mungsuh ana ing dalan, mulane mangkono amarga aku wus padha matur marang Sang Prabu: “Astanipun Gusti Allah kawula punika ngayomi dhateng sakathahipun tiyang ingkang ngupadosi ing Panjenenganipun, murih wilujeng, nanging sakathahipun tiyang ingkang nyingkur Panjenenganipun punika sami dipun dhawahi ing pangwaos saha bebendunipun.”

23. Dadine aku banjur padha puwasa sarta padha ngunjukake bab iku marang Gusti Allah lan Gusti Allah uga nyembadani panyuwunku.

24. Aku tumuli miji pangareping imam rolas, yaiku: Serebya lan Hasabya karo para sadulure wong sepuluh.

25. Aku banjur nimbangake selaka lan mas apadene piranti-piranti, yaiku pisungsung-pisungsung mligi kanggo padalemane Gusti Allah kita, yaiku pisungsunge Sang Prabu, para juru-pirembage lan para panggedhe apadene sakehe para wong Israel kang ana ing kana.

26. Aku uga nimbang kang banjur dakpasrahake marang ing tangane: selaka nem atus seket talenta, lan piranti selaka pengaji satus talenta, emas satus talenta,

27. tuwung emas rong puluh kang pengaji sewu dirham, apadene piranti tembaga murni kang gumilap lan endah kaya mas rong iji.

28. Sarta aku banjur kandha marang wong-wong mau: “Kowe iku padha wong sengkeran sumaos marang Sang Yehuwah lan piranti-piranti iki uga padha dadi sengkeran suci, sarta selaka lan mase iki dadi pisungsung manasuka konjuk marang Sang Yehuwah Gusti Allahe para leluhurmu;

29. iku rawatana lan reksanen, nganti tumeka wektune katimbang, ana ing sangarepe para pangareping imam lan para wong Lewi tuwin para panggedhening kulawangsane wong Israel ing Yerusalem, ing gedhong-gedhong padalemane Sang Yehuwah.”

maca bab lengkap Ezra 8