Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 7:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse lelakon iku mau kabeh, nalika jumenenge Sang Prabu Artahsasta, ratu ing nagara Persia, Imam Ezra nuli mangkat, yaiku putrane Sang Seraya, bin Azarya bin Hilkia,

2. bin Salum, bin Zadhok,

3. bin Ahitub, bin Amarya, bin Azarya bin Merayot,

4. bin Zerahya bin Uzi bin Buki

5. bin Abisua bin Pinehas bin Eleazar bin Harun, yaiku Imam Agung Harun.

6. Imam Ezra iku budhal saka ing Babil. Panjenengane iku ahli Kitab, putus ing Torete Nabi Musa, peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel. Lan Sang Prabu maringi apa kang disuwun, amarga astane Pangeran Yehuwah ngayomi panjenengane.

7. Sabanjure iya ana wong Israel sawatara golongan kang mangkat bali menyang Yerusalem lan uga para imam tuwin para wong Lewi, sarta para pasindhen, para jaga-gapura lan para abdi ing padalemane Gusti Allah; kelakone iku ing nalika taun kang kaping pitune jamane Sang Prabu Artahsasta.

maca bab lengkap Ezra 7