Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 4:11-21 Kitab Sutji (JAV)

11. Iki turunane layang kang diunjukake marang panjenengane: “Konjuk ing ngarsa dalem Sang Prabu Artahsasta, saking kawula para abdi dalem, para tiyang ingkang wonten ing wewengkon sakilening benawi Efrat.

12. Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih tiyang Yahudi ingkang sami bidhal saking ngarsa dalem dhateng ing panggenan kawula punika sampun sami dumugi ing Yerusalem. Tiyang-tiyang wau sapunika saweg mbangun kitha ingkang tiyangipun sami duraka lan dursila punika, sami ndandosi balowartinipun sarta nyantosakaken tetalesipun.

13. Ingkang punika mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih, manawi kitha punika sampun kabangun malih sarta balowartinipun sampun rampung, tiyangipun boten badhe asok paos saha bulubekti utawi beya malih, temah damel kapitunanipun para ratu.

14. Wondene sapunika sarehning kawula sampun sami gadhah sesambetan kaliyan Sang Prabu, sarta boten saged ningali, Sang Prabu angsal panacad, pramila kawula sami kengkenan ngaturi uninga dhumateng Sang Prabu,

15. supados kawontenaken panitipriksa ing serat babadipun para leluhur dalem. Panjenengan dalem lajeng badhe manggih ing serat babad ngriku sarta badhe nguningani bilih kitha punika pancen sampun dados kitha duraka, ingkang tansah njalari pitunanipun para ratu tuwin ing dhaerah-dhaerah, punapa malih tiyang isinipun sampun wiwit kina mila tansah ngwontenaken pageger, ngantos kitha punika dados risak.

16. Kawula sami ngaturi pirsa dhumateng Sang Prabu, manawi ngantos kelampahan kitha punika kabangun malih saha balowartinipun sampun rampung, panjenengan dalem temah boten badhe kagungan jajahan malih wonten ing sakilenipun benawi Efrat.”

17. Sang Prabu banjur paring wangsulan mangkene: “Tumekaa marang bupati Rehum lan Simsai juru-tulis sarta para kanca-kanca liyane kang padha manggon ana ing Samaria lan dhaerah liyane ing sabrange bengawan Efrat. Salam!

18. Lah saiki layang paturan kang sira unjukake marang ingsun iku wus kawaca ana ing ngarsaningsun kanthi gamblang:

19. sarta ingsun iya wus paring dhawuh nitipriksa, tinemune panitipriksa mau yaiku manawa nagara iku pancen wiwit ing kuna mula mbangkang marang para ratu, sarta wong saisining nagara iku tansah tumindak duraka lan mbalela.

20. Karodene ing Yerusalem kono dhek biyen tau ana ratu-ratune kang kwasa, kang padha ngereh satlatah sabrange bengawan Efrat, sarta panjenengane iku kang padha disaosi pajeg, bulubekti lan beya.

21. Kang iku padha prentahna wong mau supaya padha lerena, aja nganti kutha iku dibangun maneh, sadurunge ingsun paring dhawuh.

maca bab lengkap Ezra 4