Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 10:7-20 Kitab Sutji (JAV)

7. Ing kono banjur ana pengumuman kang kagiyarake ing sawatara tanah Yehuda lan Yerusalem, marang sakehe wong kang mentas saka ing pambuwangan, supaya padha nglumpuk ana ing Yerusalem.

8. Sapa kang ora mara sajroning telung dina, manut kaputusane para panggedhe lan para tetuwa, sabarang darbeke bakal karampas lan awake dhewe kapisahake saka ing patunggalane para wong kang bali saka ing pambuwangan.

9. Para wong lanang ing tanah Yehuda lan Benyamin tumuli padha nglumpuk kabeh ana ing Yerusalem sajroning telung dina iku, yaiku pinuju ing sasi kasanga tanggal ping rong puluh. Rakyat kabeh padha lungguh ana ing platarane padalemaning Allah, padha ndhredheg marga saka prakara mau lan marga saka udan deres.

10. Imam Ezra banjur jumeneng lan ngandika marang wong kabeh iku: “Kowe wus padha nglakoni panggawe kang ora setya, marga padha omah-omah karo wong wadon bangsa liya, lan marga saka iku kowe padha muwuhi kaluputane wong Israel.

11. Nanging saiki padha nalangsaa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure lan padha nglakonana kang dadi keparenging karsane, padha pisaha karo wong-wong ing tanah iki lan karo wong wadon bangsa liya iku.”

12. Wong sapasamuwan kabeh tumuli padha mangsuli atur klawan swara kang sora: “Lah sampun dados kuwajiban kula sami nglampahi kados ingkang panjenengan pangandikakaken punika.

13. Nanging tiyang-tiyang punika kathah sanget cacahipun tur sapunika saweg mangsanipun jawah, temah tiyang sami boten betah ngadeg wonten ing jawi. Punapa malih padamelan punika boten saged rampung salebetipun sadinten kalih dinten, amargi ing bab punika kula sampun sami nglampahi panerak kathah.

14. Kajengipun para pangageng kula kemawon ingkang sami makili sapasamuwan sadaya, dene sakathahipun tiyang ing kitha-kitha ingkang ngrabeni tiyang sanes bangsa punika kajengipun sami kasowanaken ing wekdal-wekdal ingkang sampun katamtokaken, kairid dening para sesepuhipun satunggal-tunggaling kitha saha para hakimipun, ngantos mulad-mulading bebendunipun Allah, margi saking prakawis punika, katebihaken saking kula.”

15. Mung Yonatan bin Asael, Yahzeya bin Tikwa, kang padha ngadeg mbantah rembug kang mangkono iku, kabiyantu dening Mesulam lan Sabetai, wong Lewi.

16. Nanging para wong kang bali saka ing pambuwangan iku padha nglakoni mangkono. Imam Ezra banjur miji wong sawatara, yaiku para pangarepe kulawangsa, siji-sijine kanggo kulawangsane, kabeh pada kasebutake jenenge. Iku nalika sasi kasepuluh tanggal sapisan banjur padha marepat mriksa prakara iku.

17. Lan anggone padha ngrampungake pamriksane marang sakehing wong kang wus padha ngalap rabi wong liyan bangsa iku nalika sasi kapisan tanggal kapisan.

18. Panunggalane turune para imam kang tinemu ngrabeni wong wadon bangsa liyan iku panunggalane bani Yesua bin Yozadak lan para sadulure: Maaseya, Eliezer, Yarib lan Gedalya.

19. Kanthi jawatan tangan wong-wong mau padha prajanji arep nglungakake bojone. Padha ngaturake wedhus gembel lanang siji saka ing pepanthaning kewane minangka kurban panebusing dosa marga saka kaluputane.

20. Saka bani Imer: Hanani lan Zebaja;

maca bab lengkap Ezra 10