Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 9:2-15 Kitab Sutji (JAV)

2. Wong Yahudi banjur padha nglumpuk ana ing kutha-kuthane ing saindenging wewengkone Sang Prabu Ahasyweros, sumedya nempuh marang para wong kang padha ngarah bilaine lan ora ana siji-sijia kang kuwawa nanggulangi tandange wong Yahudi, amarga sakehe bangsa mau padha kadunungan rasa wedi marang wong Yahudi.

3. Lan sakehing panggedhene dhaerah lan para wakil peprentahan sarta para bupati apadene para kang nglakoni ayahane Sang Prabu, iku malah padha mbiyantu wong Yahudi, amarga kadunungan rasa wedi marang Sang Mordekhai.

4. Ujer Sang Mordekhai iku gedhe pangwasane ana ing kadhaton, sarta misuwur warata ana ing sakehing dhaerah, amarga Sang Mordekhai sangsaya mundhak pangwasane.

5. Wong Yahudi padha ngasorake sakehing satrune: padha ditempuh kalawan pedhang, padha dipateni sarta ditumpes, mungsuhe padha digawe ing sakarep-karepe.

6. Ana ing beteng kadhaton Susan bae wong Yahudi mateni lan numpes wong limang atus.

7. Uga Parsandata, Dalfon, Aspata,

8. Porata, Adalya, Aridata,

9. Parmasta, Arisai, Aridai, lan Waizata,

10. para putra-putrane kakung Sang Haman bin Hamedata, satrune wong Yahudi kang cacahe sepuluh iku padha dipateni, nanging ora ngrayah barang darbeke.

11. Ing dina iku Sang Prabu kaunjukan pirsa cacahe pepati ana ing beteng kadhaton Susan.

12. Sang Prabu banjur ngandika marang Sang Prameswari Ester: “Ana beteng Susan bae wong Yahudi wus padha mateni lan numpes limang atus, sarta maneh anake Haman sapuluh. Ing dhaerah-dhaerahing karaton liyane, embuh apa kang katindakake. Lan saiki apa panyuwunira maneh? Mesthi bakal disembadani.”

13. Unjuke Sang Prameswari Ester: “Manawi ndadosaken keparengipun Sang Prabu, mugi ing dinten benjing-enjing tiyang Yahudi ing Susan sami kalilana nglampahi malih kados suraosipun undhang-undhang ing dinten punika, punapa malih anakipun Haman sedasa mugi sami kasulahan wonten ing panyulahan.”

14. Sang Prabu paring dhawuh nindakake kaya mengkono; undhang-undhang iku diwetokake ing Susan lan putrane Sang Haman sapuluh padha disulah ing panyulahan.

15. Wong Yahudi ing Susan tumuli padha nglumpuk maneh ing tanggal patbelas sasi Adar iku sarta mateni wong telung atus ana ing Susan, nanging ora ngrayah barang darbeke.

maca bab lengkap Ester 9