Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 9:18-28 Kitab Sutji (JAV)

18. Nanging wong Yahudi ing Susan padha nglumpuk ing tanggal ping telulas lan ping patbelas ing sasi iku. Lerene tanggal ping limalas sarta dina iku didadekake dina pahargyan lan sukarena.

19. Mulane tumrap wong Yahudi ing padesan, lan kang padha manggon ora nganggo balowarti, tanggal ping patbelas ing sasi Adar iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan sarta dina sukarena tuwin dina kirim-kiriman paweweh.

20. Sang Mordekhai banjur nyerat gancaring lelakon iku lan dikirimake sarana layang iber-iber marang sakehing wong Yahudi kang ana ing dhaerah wewengkone Sang Prabu Ahasyweros, dadia kang adoh dadia kang cedhak,

21. padha diwajibake mengeti tanggal ping patbelas lan ping limalas ing sasi Adar pendhak taun,

22. amarga ing dina iku wong Yahudi padha luwar saka ing tanganing mungsuhe, lan iya ing sasi iku anggone kasusahan malih dadi kabungahan, tuwin dina tangisan dadi dina gambira; dina iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan lan dadi dina kirim-kiriman pangan sarta dina dedana marang wong miskin.

23. Wong Yahudi iya padha nampani dadi pranatan apa kang wus kawiwitan lan netepi apa sasurasaning layange Sang Mordekhai.

24. Pancene mono Sang Haman, bin Hamedata, turune Agag, satrune sakehing wong Yahudi, ngarah arep numpes bangsa Yahudi, nuli ngumbulake pur: -- yaiku undhi -- karsane arep mateni lan numpes wong Yahudi,

25. nanging sawuse prakara iku mau kaunjukake marang Sang Prabu, panjenengane banjur paring dhawuh kamot ana ing serat, pangarahe ala marang bangsa Yahudi iku mbalika marang mastakane Sang Haman dhewe. Sang Haman saputra-putrane tumuli padha kasulah ana ing panyulahan.

26. Mulane dina iku kasebut Purim, kapirid saka tembung pur iku mau. Marga saka iku uga, yaiku marga wong Yahudi padha ngrasakake surasane layang mau sarta wus nyipati lan ngalami dhewe,

27. wong Yahudi padha nampani iku dadi kawajiban lan katetepan tumrap awake dhewe lan saturun-turune, dalah sakehing wong kang bakal padha manunggal karo wong Yahudi, yen mesthi bakal padha ditetepi dina loro mau, ora nganti kelalen ora ngriyayakake dina loro iku saben taun, miturut apa kang katulis tumrap bab iku ing dina kang katemtokake,

28. lan dina iku bakal dipengeti lan diriyayakake dening angger gotrah lan kulawangsa ing saben dhaerah lan kutha, temah dina Purim iku ora bakal ilang saka ing satengahe wong Yahudi nganti turun-tumurun iku bakal tansah kaeling-eling ora kendhat-kendhat.

maca bab lengkap Ester 9