Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 9:1-19 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika sasi kang kaping rolas -- yaiku sasi Adar -- tanggal ping telulas, ing wektu dhawuh undhang-undhange Sang Prabu katindakake, ing dina kang diarep-arep dening satrune wong Yahudi anggone arep masesa wong Yahudi, wekasan kelakone malah kosokbaline: wong Yahudi kang padha ngalahake satrune.

2. Wong Yahudi banjur padha nglumpuk ana ing kutha-kuthane ing saindenging wewengkone Sang Prabu Ahasyweros, sumedya nempuh marang para wong kang padha ngarah bilaine lan ora ana siji-sijia kang kuwawa nanggulangi tandange wong Yahudi, amarga sakehe bangsa mau padha kadunungan rasa wedi marang wong Yahudi.

3. Lan sakehing panggedhene dhaerah lan para wakil peprentahan sarta para bupati apadene para kang nglakoni ayahane Sang Prabu, iku malah padha mbiyantu wong Yahudi, amarga kadunungan rasa wedi marang Sang Mordekhai.

4. Ujer Sang Mordekhai iku gedhe pangwasane ana ing kadhaton, sarta misuwur warata ana ing sakehing dhaerah, amarga Sang Mordekhai sangsaya mundhak pangwasane.

5. Wong Yahudi padha ngasorake sakehing satrune: padha ditempuh kalawan pedhang, padha dipateni sarta ditumpes, mungsuhe padha digawe ing sakarep-karepe.

6. Ana ing beteng kadhaton Susan bae wong Yahudi mateni lan numpes wong limang atus.

7. Uga Parsandata, Dalfon, Aspata,

8. Porata, Adalya, Aridata,

9. Parmasta, Arisai, Aridai, lan Waizata,

10. para putra-putrane kakung Sang Haman bin Hamedata, satrune wong Yahudi kang cacahe sepuluh iku padha dipateni, nanging ora ngrayah barang darbeke.

11. Ing dina iku Sang Prabu kaunjukan pirsa cacahe pepati ana ing beteng kadhaton Susan.

12. Sang Prabu banjur ngandika marang Sang Prameswari Ester: “Ana beteng Susan bae wong Yahudi wus padha mateni lan numpes limang atus, sarta maneh anake Haman sapuluh. Ing dhaerah-dhaerahing karaton liyane, embuh apa kang katindakake. Lan saiki apa panyuwunira maneh? Mesthi bakal disembadani.”

13. Unjuke Sang Prameswari Ester: “Manawi ndadosaken keparengipun Sang Prabu, mugi ing dinten benjing-enjing tiyang Yahudi ing Susan sami kalilana nglampahi malih kados suraosipun undhang-undhang ing dinten punika, punapa malih anakipun Haman sedasa mugi sami kasulahan wonten ing panyulahan.”

14. Sang Prabu paring dhawuh nindakake kaya mengkono; undhang-undhang iku diwetokake ing Susan lan putrane Sang Haman sapuluh padha disulah ing panyulahan.

15. Wong Yahudi ing Susan tumuli padha nglumpuk maneh ing tanggal patbelas sasi Adar iku sarta mateni wong telung atus ana ing Susan, nanging ora ngrayah barang darbeke.

16. Sakehe wong Yahudi liyane kang ana ing dhaerah wewengkone Sang Prabu, iku padha nglumpuk ngreksa uripe lan padha slamet ora karidhu ing mungsuhe; para lawanane kang padha dipateni ana pitung puluh lima ewu, nanging ora nganggo ngrayah barang darbeke.

17. Kelakone prakara iku nalika tanggal ping telulas ing sasi Adar. Ing tanggal ping patbelas banjur padha leren, lan iku didadekake dina pahargyan lan reropyan.

18. Nanging wong Yahudi ing Susan padha nglumpuk ing tanggal ping telulas lan ping patbelas ing sasi iku. Lerene tanggal ping limalas sarta dina iku didadekake dina pahargyan lan sukarena.

19. Mulane tumrap wong Yahudi ing padesan, lan kang padha manggon ora nganggo balowarti, tanggal ping patbelas ing sasi Adar iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan sarta dina sukarena tuwin dina kirim-kiriman paweweh.

maca bab lengkap Ester 9