Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 7:6-8 Kitab Sutji (JAV)

6. Unjuk wangsulane Sang Prameswari Ester: “Tiyang ingkang nganiaya saha ingkang dados mengsah wau inggih punika Haman, tiyang dursila punika.” Ing kono Sang Haman gumeter wedi ana ing ngarsane Sang Prabu lan Sang Prameswari.

7. Sang Prabu banjur jumeneng saka anggone ngunjuk anggur kalawan duka luwih dening banget, tedhak menyang patamananing kadhaton, nanging Sang Haman isih kari sesambat marang Sang Prameswari Ester nyuwun urip, amarga mirsa, yen Sang Prabu wus nemtokake bilaine.

8. Nalika Sang Prabu rawuh wangsul saka ing patamananing kadhaton, lumebet ing gedhong panggonane unjuk-unjukan, Sang Haman mau ketemu nglumpruk sumungkem ing kanthil pasareane Sang Prameswari Ester. Pangandikane Sang Prabu: “Apa iya arep masesa marang Sang Prameswari ana sajroning kadhatoningsun piyambak?” Bareng pangandika iku miyos saka tutuke Sang Prabu, para abdi tumuli ngrukupi pasuryane Sang Haman.

maca bab lengkap Ester 7