Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 7:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu kadherekake Sang Haman, bakal sinugata dening Sang Prameswari Ester.

2. Ing dina kang kapindho iku, nalika padha ngunjuk anggur, Sang Prabu banjur ndangu marang Sang Prameswari Ester: “Heh Ratu Ester, apa kang dadi panyuwunira? Mesthi bakal kaparingan. Karepira apa, mesthi kasembadan, sanadyan ngantia saparoning karajan.”

3. Sang Prameswari Ester tumuli mangsuli, unjuke: “Dhuh Sang Prabu! Manawi adalem angsal sih wilasa wonten ing ngarsa dalem, panyuwun kawula, mugi kawula kaparingana gesang margi saking panyuwunipun dalem, makaten ugi bangsa kawula inggih margi saking panyuwunipun dalem.

4. Amargi kawula sampun sami kasade, inggih kawula, dalah bangsa kawula, badhe katumpes, kapejahan tuwin kasirnakaken. Saupami kawula namung sami kasade saha kadadosaken rencang jaler kaliyan estri, kawula mesthi kendel kemawon, nanging panganiaya punika boten wonten tandhingipun ing antawisipun bebaya ingkang nempuh Sang Prabu.”

5. Ing kono pandangune Sang Prabu Ahasyweros marang Sang Prameswari Ester: “Iku sapa? Ana ing ngendi wonge, kang duwe pangarah mangkono ing sajroning atine?”

6. Unjuk wangsulane Sang Prameswari Ester: “Tiyang ingkang nganiaya saha ingkang dados mengsah wau inggih punika Haman, tiyang dursila punika.” Ing kono Sang Haman gumeter wedi ana ing ngarsane Sang Prabu lan Sang Prameswari.

maca bab lengkap Ester 7