Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 4:9-16 Kitab Sutji (JAV)

9. Hatakh banjur lumebu lan ngaturake bab piwelinge Pak Mordekhai marang Sang Prameswari Ester.

10. Nanging Prameswari Ester banjur dhawuh marang Hatakh, supaya matur marang Pak Mordekhai:

11. “Sakathahing para abdinipun Sang Prabu sadaya dalah tiyang ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu sadaya sampun sami sumerep, bilih tumrap sinten-sintena, jalera estria, ingkang seba dhateng ngarsanipun Sang Prabu ngantos dumugi ing plataran nglebet, boten sarana dipun timbali, namung wonten undhang-undhang satunggal ingkang tumindak: inggih punika paukuman pejah. Namung manawi Sang Prabu karsa ngathungaken jungkating kaprabon kancana dhateng tiyang punika, tiyang punika tetep gesang. Lan salebetipun tigang dasa dinten punika kula boten katimbalan marek ing ngarsanipun Sang Prabu.”

12. Bareng piwelinge Sang Prameswari Ester dikandhakake marang Pak Mordekhai,

13. Pak Mordekhai banjur akon matur marang Prameswari Ester mangkene: “Panjenengan dalem sampun kagungan panginten, bilih badhe oncat piyambak saking antawisipun tiyang Yahudi, dumeh panjenengan dalem wonten ing karaton.

14. Sebab sanadyan ing wekdal punika panjenengan dalem namung kendel kemawon, mesthi badhe wonten pangluwaran sarta pitulungan saking tiyang sanesipun tumrap tiyang Yahudi, dene panjenengan dalem sakulawarga dalem badhe sami tumpes. Sinten ingkang mangretos, bokmanawi inggih tumuju dhateng ing wekdal ingkang kados sapunika punika anggen panjenengan dalem angsal kalenggahaning prameswari.”

15. Ing kono Sang Prameswari Ester dhawuh ngaturi wangsulan marang Pak Mordekhai mangkene:

16. “Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”

maca bab lengkap Ester 4