Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 2:7-20 Kitab Sutji (JAV)

7. Mordekhai mau duwe momongan wadon, jenenge Hadasa, yaiku Ester, anake sadulure bapakne, awit wis ora duwe bapa-biyung; bocah iku pawakane endah lan sulistya ing warna. Nalika bapa-biyunge ngajal, banjur kapupu dening Mordekhai iku.

8. Bareng dhawuh undhang-undhange Sang Prabu wus sumebar lan wus akeh bicah wadon padha kaklumpukake ana ing beteng kadhaton Susan, kareksa dening Hegai, Ester mau uga melu kapundhut menyang ing kadhaton, kapitayakake marang Hegai, lurahing kaputren.

9. Bocah wadon iku becik banget mungguh ing pamawase lan nuwuhake sih-kamurahane, temah banjur enggal-enggal diwenehi geganda arum tuwin cadhong-cadhonge, lan bocah wadon pilihan pitu saka ing kadhaton, sarta banjur kaelih menyang panggonan kang becik dhewe ing kaputren kinanthenan bocah-bocah wadon mau.

10. Ester ora nglairake mungguh bangsa lan asale, amarga dipenging Mordekhai.

11. Mordekhai saben dina klinteran ana ing sangareping platarane kaputren prelu nyumurupi kaanane Ester lan apa kang bakal tumanduk marang dheweke.

12. Saben-saben para kenya mau giliran lumebu marak marang ngarsane Sang Prabu Ahasyweros, lan sadurunge karawat dhisik manut tatanan tumrap ing para wanita, suwene rolas sasi; dene sasuwene iku padha migunakake wangen-wangen: nem sasi nganggo lenga mur, sarta nem sasi nganggo lenga kasai lan wangen-wangen liyane kang kanggo para wanita.

13. Sawuse mangkono kenya mau banjur lumebu marak marang ing ngarsane Sang Prabu, apadene diwenehi apa sapanjaluke, kang banjur digawa lumebu saka ing kaputren menyang ing kadhaton.

14. Lumebune ing wayah sore, dene anggone mundhur ing wayah esuk, nanging kang kapisan iku menyang ing kaputren kang kapindho, kang kareksa dening Saasgas, abdi dalem kang ngreksa kaputrening para garwa ampeyan. Dheweke ora marek maneh marang ing ngarsane Sang Prabu, kajaba manawa dikarsakake dening Sang Nata, sarta ditimbali kalawan kasebutake jenenge.

15. Nalika Ester -- anake Abihail pamane Mordekhai, kang mupu Ester iku -- wus ndungkap gilirane marak marang ing ngarsane Sang Prabu, Ester mau ora njaluk apa-apa, kajaba mung kang diprayogakake Hegai, abdi dalem lurah kaputren.Dene Ester ndadekake reseping atine angger wong kang nyawang.

16. Mangkono Ester anggone kagawa marang ing ngarsane Sang Prabu Ahasyweros, ana ing kadhaton, pinuju sasi kasepuluh -- iya iku sasi Tebet -- ing taun kang kaping pitune jumenenge Sang Prabu.

17. Anadene Ester iku dikasihi dening Sang Prabu, kinacek karo sakehing para wanita liyane, sarta oleh sihwilasa tuwin kadarman ana ing ngarsane ngluwihi sarupaning kenya liyane, satemah banjur kaanggonan makuthaning kaprabon, kajunjung dadi prameswari nggenteni Sang Prameswari Wasti.

18. Nuli Sang Prabu mangun bujana kanggo sakehing panggedhene tuwin para punggawane, yaiku bujanane Sang Prameswari Ester, karodene Sang Nata nyuwak pajeg tumrap dhaerah-dhaerah, lan paring ganjaran kayadene salumrahing ratu.

19. Sasuwene para kenya kaklumpukake kang kapindhone, Mordekhai lungguh ana ing gapuraning karaton.

20. Anadene Sang Prameswari Ester ora mratelakake mungguh asal lan bangsane, netepi piwelinge Mordekhai, amarga Sang Putri iku tansah nindakake apa sakandhane Pak Mordekhai kayadene nalika isih digulawenthah.

maca bab lengkap Ester 2