Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 2:14-23 Kitab Sutji (JAV)

14. Lumebune ing wayah sore, dene anggone mundhur ing wayah esuk, nanging kang kapisan iku menyang ing kaputren kang kapindho, kang kareksa dening Saasgas, abdi dalem kang ngreksa kaputrening para garwa ampeyan. Dheweke ora marek maneh marang ing ngarsane Sang Prabu, kajaba manawa dikarsakake dening Sang Nata, sarta ditimbali kalawan kasebutake jenenge.

15. Nalika Ester -- anake Abihail pamane Mordekhai, kang mupu Ester iku -- wus ndungkap gilirane marak marang ing ngarsane Sang Prabu, Ester mau ora njaluk apa-apa, kajaba mung kang diprayogakake Hegai, abdi dalem lurah kaputren.Dene Ester ndadekake reseping atine angger wong kang nyawang.

16. Mangkono Ester anggone kagawa marang ing ngarsane Sang Prabu Ahasyweros, ana ing kadhaton, pinuju sasi kasepuluh -- iya iku sasi Tebet -- ing taun kang kaping pitune jumenenge Sang Prabu.

17. Anadene Ester iku dikasihi dening Sang Prabu, kinacek karo sakehing para wanita liyane, sarta oleh sihwilasa tuwin kadarman ana ing ngarsane ngluwihi sarupaning kenya liyane, satemah banjur kaanggonan makuthaning kaprabon, kajunjung dadi prameswari nggenteni Sang Prameswari Wasti.

18. Nuli Sang Prabu mangun bujana kanggo sakehing panggedhene tuwin para punggawane, yaiku bujanane Sang Prameswari Ester, karodene Sang Nata nyuwak pajeg tumrap dhaerah-dhaerah, lan paring ganjaran kayadene salumrahing ratu.

19. Sasuwene para kenya kaklumpukake kang kapindhone, Mordekhai lungguh ana ing gapuraning karaton.

20. Anadene Sang Prameswari Ester ora mratelakake mungguh asal lan bangsane, netepi piwelinge Mordekhai, amarga Sang Putri iku tansah nindakake apa sakandhane Pak Mordekhai kayadene nalika isih digulawenthah.

21. Ing nalika Pak Mordekhai pinuju linggih ana ing gapuraning karaton, ana abdi dalem loro panunggalane para jagapura, kang jeneng Bigtan lan Teresy kang padha kadunungan karep ala, ngarah arep nyedani Sang Prabu Ahasyweros, amarga serik atine.

22. Bareng Pak Mordekhai nyumurupi prakara iku, banjur dilapurake marang Sang Prameswari Ester, sarta panjenengane tumuli ngunjuk uninga marang Sang Prabu kalawan nyebut jenenge Mordekhai.

23. Prakara mau nalika katiti-priksa, tinemu nyata mangkono. Abdi loro mau padha disulah ana ing cagak. Sabanjure lelakon iku katulis ana ing buku sejarah ana ing ngarsane Sang Prabu.

maca bab lengkap Ester 2