Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 1:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika jamane Sang Prabu Ahasyweros -- yaiku Sang Prabu Ahasyweros kang ngratoni tlatah satus pitulikur, wiwit saka ing Indhia tutug ing Etiopia --

2. ing jaman samana nalika Sang Prabu Ahasyweros lenggah ing dhamparing kaprabone ana ing beteng kadhatone ing Susan,

3. nalika ing taun kang kaping telune paprentahane, Sang Prabu mangun bujana kalawan nimbali sakehing para panggedhe lan punggawa kabeh; wadya-bala ing tanah Persia lan Media, para priyagung lan panggedhening dhaerah padha pepak andher ana ing ngarsane.

4. Ing kono Sang Prabu mamerake kasugihaning karajane kang mulya, kaendahaning kaluhurane kang sumunar, pirang-pirang dina suwene, nganti satus wolung puluh dina.

5. Bareng wus tekan samono mau Sang Prabu tumuli ngawontenake bujana maneh kanggo sakehing para kawula kang ana ing beteng kadhaton ing Susan, para priyagung dalah para wong cilik, suwene pitung dina, ana ing plataraning patamanan kadhaton.

6. Langsene lena, mori alus lan kain wungu tuwa, kang tinalenan lena alus lan kain wungu enom, cumanthel ing gelangan salaka ing saka-saka marmer putih, sarta kanthil kancana lan salaka kaprenahake ing jrambah marmer, marmer putih, giwang lan marmer mancawarna.

7. Pangunjukan kaladekake ana ing tuwung kancana kang mawarna-warna, lan anggure anggur pangunjukane Sang Prabu, nganti turah-turah, kang pantes tumrap ing ratu.

maca bab lengkap Ester 1