Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 9:7-22 Kitab Sutji (JAV)

7. Dhuh Pangeran, Paduka punika ingkang leres, nanging kawula sampun samesthinipun manawi sami wirang kados ing dinten samangke punika, kawula para tiyang Yehuda, para ingkang manggen ing kitha Yerusalem lan tiyang Israel sadaya, ingkang celak saha ingkang tebih, wonten ing sakathahing nagari, ingkang Paduka agem mbucali tiyang-tiyang punika, margi saking anggenipun boten setya dhumateng Paduka.

8. Dhuh Yehuwah, kawula sadaya, para ratu kawula, para pangageng kawula saha para leluhur kawula sampun samesthinipun manawi wirang, amargi kawula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Paduka.

9. Pangeran, Allah kawula, kagungan piwelas tuwin pangapunten, sanadyan kawula sampun sami mbalela dhumateng Panjenenganipun,

10. tuwin sami boten mirengaken swantening Sang Yehuwah, Allah kawula, ingkang dhawhuh dhumateng kawula sadaya supados gesang miturut pepaken ingkang sampun kaparingaken dhumateng kawula sadaya lumantar para nabi, abdinipun.

11. Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka! Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun.

12. Punapadene Panjenenganipun sampun netepi pangandikanipun, ingkang kaparingaken tumrap kawula sadaya saha tumrap para ingkang sami sampun ngereh kawula sadaya, inggih punika bilih Panjenenganipun badhe ndhawahaken bilai ingkang ageng dhateng kawula sadaya, ingkang dereng nate kalampahan wonten ing sagandhaping langit sadaya, kados ingkang sampun kalampahan wonten ing Yerusalem.

13. Kadosdene ingkang kaseratan wonten ing Kitab Toretipun Nabi Musa; bilai punika sadaya sampun tumempuh dhateng kawula sadaya, dene kawula boten sami nyuwun sih-piwelasing Sang Yehuwah, Allah kawula, kanthi patrap nilar sakathahing kalepatan kawula sadaya saha migatosaken dhateng kaleresan ingkang saking Paduka.

14. Awit saking punika Pangeran Yehuwah nyadhangaken bilai punika saha lajeng kadhawahaken dhateng kawula sadaya; awit Pangeran Yehuwah, Allah kawula punika adil ing sadaya pandamel ingkang katindakaken, ewasamanten kawula sami boten mirengaken swantenipun.

15. Milanipun, dhuh Pangeran, Allah kawula, ingkang sampun ngirid umat Paduka medal saking tanah Mesir kalayan asta ingkang kiyat, saha damel misuwuring asma Paduka, kados ing dinten punika, kawula sampun sami damel dosa, kawula sampun sami nglampahi duraka.

16. Dhuh Pangeran, supados ngetrepana ing sih-piwelas Paduka, mugi deduka saha bebendu Paduka sumingkira saking Yerusalem, kitha Paduka, redi Paduka ingkang suci; awit margi saking dosa kawula sadaya saha margi saking kalepatanipun para leluhur kawula, Yerusalem tuwin umat Paduka sampun dados cacad tumrap sadaya tiyang ing sakiwa-tengen kawula.

17. Milanipun, dhuh Allah kawula, mugi karsaa midhangetaken pandonga sarta panyuwunanipun abdi Paduka punika, saha mugi karsaa nyunari pasucen Paduka ingkang sampun risak punika kaliyan wedana Paduka, awit saking Paduka piyambak.

18. Dhuh Allah kawula, mugi karsaa nilingaken tuwin midhangetaken, mugi paningal Paduka karsaa maspaosaken saha karsaa mirsani, karisakan kawula sadaya tuwin kitha ingkang kasebut mawi asma Paduka; wondene anggen kawula sami ngunjukaken pandonga kawula wonten ing ngarsa Paduka punika boten adhedhasar lelabetan kawula, nanging alandhesan sih-katresnan Paduka ingkang luber.

19. Dhuh Pangeran, mugi karsaa miyarsakaken! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring pangapunten! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken saha lajeng karsaa tumindak, sampun ngantos ngrandhataken, awit saking Paduka piyambak, dhuh Allah kawula, sabab kitha Paduka saha umat Paduka kasebut mawi asma Paduka!”

20. Sajrone aku matur lan ndedonga sarta ngakoni dosaku apadene dosane bangsaku, bangsa Israel, tuwin ngunjukake panyuwunanku tumrap gununge suci Allahku marang ing ngarsaning Sang Yehuwah Allahku,

21. sajrone munjuk ing sajrone pandonga iku, Sang Gabriel mabur kalawan rikat murugi aku, yaiku panjenengane, kang wus dakdeleng ing sajroning wahyu kang dhisik nalika nyaosake kurban sore.

22. Aku diparingi piwulang lan dipangandikani mangkene: “Dhaniel, tekaku saiki iki prelu menehi akal-budi marang kowe supaya ngreti.

maca bab lengkap Dhaniel 9