Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 9:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika ing taun kang kapisane paprentahane Sang Prabu Dharius, putrane Sang Prabu Ahasyweros trah Medhia, kang wus jumeneng ratu ana ing karajane bangsa Kasdim,

2. ing taun kapisane anggone jumeneng nata iku, aku, Dhaniel, niti-priksa ana ing kumpulan Kitab, cacahing taun, kang manut pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Yeremia bakal kelakon tumrap tumpukan gempurane kutha Yerusalem yaiku pitung puluh taun.

3. Aku banjur tumenga marang Pangeran Allah prelu ndedonga lan nyenyuwun kalawan puwasa lan manganggo bagor lan awu.

4. Awu nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, Allahku kalawan ngakoni dosaku mangkene: “Dhuh Yehuwah ingkang mahaagung saha nggegirisi, ingkang netepi prajanjian tuwin sih-palimirma dhateng para tiyang ingkang sami tresna dhumateng Paduka sarta netepi pepaken Paduka.

5. Kawula sampun sami nglampahi dosa tuwin kalepatan, kawula sampun sami nglampahi duraka saha sampun sami mbalela, kawula sampun sami nyimpang saking pepaken saha pranatan Paduka;

6. kawula sami boten mbangun miturut dhumateng para abdi Paduka, para nabi ingkang sampun sami nglairaken pangandika atas asma Paduka dhateng para ratu kawula, para pangageng kawula, para leluhur kawula tuwin dhateng sabangsa ing nagari sadaya.

7. Dhuh Pangeran, Paduka punika ingkang leres, nanging kawula sampun samesthinipun manawi sami wirang kados ing dinten samangke punika, kawula para tiyang Yehuda, para ingkang manggen ing kitha Yerusalem lan tiyang Israel sadaya, ingkang celak saha ingkang tebih, wonten ing sakathahing nagari, ingkang Paduka agem mbucali tiyang-tiyang punika, margi saking anggenipun boten setya dhumateng Paduka.

maca bab lengkap Dhaniel 9