Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 6:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Sarehne Sang Dhaniel ngluwihi para priyagung lan para wakil-raja, marga kadunungan roh kang pininjul, Sang Prabu kagungan karsa arep misudha dadi tetindhihing wewengkon karajan kabeh.

5. Bareng mangkono para priyagung lan para wakil-raja padha ngupaya dhadhakan bisane nggugat Sang Dhaniel ing bab paprentahan, nanging ora padha bisa nemu dhadhakan apa bae utawa sawijining kaluputan, sabab saka anggone setya lan ora tau sembrana utawa tumindak luput.

6. Wasana banjur padha rerembagan: “Kita boten badhe saged angsal dhadhakan kangge nggigat Dhaniel punika, kajawi ing bab anggenipun ngabekti dhateng Allahipun!”

7. Para priyagung lan para wakil-raja banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu tuwin munjuk mangkene: Dhuh Sang Prabu Dharius, mugi langgenga kasugengan dalem.

8. Sadaya priyagung ing karajan punika, para ingkang nyepeng pangwaos saha para wakil-raja, para mentri saha bupati sampun sami saiyeg, supados wontena putusan ingkang kaundhangaken tuwin wontena putusan awisan, supados sinten ingkang salebetipun tigang dasa dinten gadhah panyuwun dhumateng salah satunggaling dewa utawa manungsa, boten dhateng panjenengan dalem, punika badhe kacemplungaken ing luwenging singa.

9. Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi karsaa ngundhangaken awisan punika saha karsaa damel serat prentah ingkang boten saged kaewahan manut undhang-undhangipun bangsa Medhia lan Persia, ingkang boten saged kaceled malih.”

10. Awit saka iku Sang Prabu Dharius banjur damel layang prentah larangan iku.

maca bab lengkap Dhaniel 6