Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 6:23-29 Kitab Sutji (JAV)

23. Alah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun singa-singa punika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula, amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing ngarsanipun; nanging ugi dhumateng panjenengan dalem kawula boten nandukaken piawon.”

24. Ing kono Sang Prabu banjur banget sukane sarta paring dhawuh, supaya Sang Dhaniel kainggahake saka ing luweng. Sang Dhaniel tumuli kainggahake saka ing luweng, lan pinanggih ora ana tatune apa-apa, marga saka anggone kumandel marang Allahe.

25. Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng para kang padha nggugat Sang Dhaniel sarta padha kacemplungake ing luwenging singa dalasan para putra lan garwane pisan. Durung nganti tekan ing dhasaring luweng wus padha kadekep dening singa, malah balung-balunge padha karemuk.

26. Sawise mangkono Sang Prabu Dhaniel tumuli kintun serat marang wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh, ijemane: “Tentrem rahayunira muga saya wuwuha!

27. Abareng iki ingsun paring dhawuh, wong-wong ing saindenging karajan kang ingsun kuwaosi, kudu wedi kalawan gumeter marang Allahe Dhaniel, amarga Panjenengane iku Allah kang gesang langgeng ing salawase; paprentahane ora bakal sirna lan pangwaose ora bakal ana uwise.

28. Panjenengane paring pangluwaran lan pitulungan, sarta nganakake pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat ana ing langit apadene ing bumi; Panjenengane wus nguwalake Dhaniel saka ing cangkeme singa.”

29. Anadene Sang Dhaniel mau kagungan kalenggahan dhuwur ing jaman paprentahane Sang Prabu Dharius lan ing jaman paprentahane Sang Prabu Koresy, trah Persia.

maca bab lengkap Dhaniel 6