Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 6:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Sawuse mangkono para priyayi mau tumuli sowan ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk pitaken bab larangane Sang Prabu: “Gusti kawula rak ngundhangaken awisan, ing salebetipun tigang dasa dinten punika saben tiyang ingkang nyenyuwun dhateng salah satunggaling dewa utawi manungsa, boten namung mligi dhumateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, badhe kacemplungaken ing luwenging singa?” Paring wangsulane Sang Prabu: “Prakara iku wus katemtokake miturut angger-anggere bangsa Medhia lan Persia, kang ora kena diceled.”

14. Para priyayi mau banjur munjuk marang Sang Prabu: “Dhaniel, salah satunggaling tiyang boyongan saking Yehuda, punika boten maelu dhateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, tuwin boten mreduli dhateng awisan ingkang kaundhangaken dening gusti kawula, awitdene ndedonga sadinten kaping tiga.”

15. Bareng Sang Prabu midhanget bab iku, banget sungkawane sarta nuli ngudi supaya bisaa ngluwari Sang Dhaniel, malah nganti srengenge surup isih mbudi-daya bisane paring pitulungan.

16. Para priyayi mau banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu sarta munjuk: “Dhuh Sang Prabu, mugi kauningana, bilih manut angger-anggeripun bangsa Medhia saha Persia boten wonten awisan utawi kekancingan ingkang kaundhangaken dening Sang Prabu, ingkang kenging kaewahan!”

17. Bareng mangkono Sang Prabu nuli paring dhawuh nyepeng Sang Dhaniel, sarta banjur kacemplungake ing luwenging singa. Sang Prabu ngandika marang sang Dhaniel: “Allahira kang sira sembah kalawan mantep iku muga karsaa ngluwari sira!”

18. Banjur ana watu kang kagawa mrono kanggo nutupi cangkeming luweng, nuli kasegel dening Sang Prabu kalawan ageme sesupepanyegelan lan kalawan sesupe-panyegelane para panggedhe, abdine, supaya bab Sang Dhaniel iku ora ana owah-owahan apa-apa.

19. Sang Prabu tumuli kondur angadhaton lan sawengi iku panjenengane siyam sarta ora mbetahake panglipur apadene ora saged sare.

20. Bareng bangun esuk wayah bangbang wetan Sang Prabu wungu lan banjur enggal-enggal rawuh ing luwenging singa;

21. bareng ana sacelake luweng, nuli nguwuh marang Sang Dhaniel kalawan swara sungkawa, mangkene pangandikane marang Sang Dhaniel: “Dhaniel, abdining Allah kang gesang, Allahira kang sira sembah kalawan tumemen, apa Panjenengane saged ngluwari sira saka ing singa-singa iku?”

22. Unjuk wangsulane Sang Dhaniel marang Sang Prabu: “Dhuh Sang Prabu, langgenga kasugengan dalem!

23. Alah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun singa-singa punika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula, amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing ngarsanipun; nanging ugi dhumateng panjenengan dalem kawula boten nandukaken piawon.”

24. Ing kono Sang Prabu banjur banget sukane sarta paring dhawuh, supaya Sang Dhaniel kainggahake saka ing luweng. Sang Dhaniel tumuli kainggahake saka ing luweng, lan pinanggih ora ana tatune apa-apa, marga saka anggone kumandel marang Allahe.

maca bab lengkap Dhaniel 6