Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 5:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. Padha sanalika katon ana driji-drijining tangan manungsa kang nulis ing labure temboking kadhatone Sang Prabu adu-arep karo padamaran, sarta Sang Prabu mirsa kurebing tangan kang lagi nulis iku.

6. Sang Prabu banjur pucet, lan kejot marga saka kang diraos; ros-rosaning wentis dadi lemes, sarta gathik-gathik jengkune.

7. Sang Prabu nuli dhawuh kalawan sora, supaya para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha kasowanake, Sang Prabu ngandika marang para wong wicaksana ing Babil iku: “Saben wong kang bisa maca tulisan iki lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, iku bakal dipanganggoni wungu, lan dikalungi rante emas apadene bakal kadunungan pangwasa, dadi wong katelu ana ing karajaningsun.”

8. Nanging sakehing wong wicaksana, abdine Sang Prabu kang wus padha sowan iku, padha ora saguh maca tulisan mau lan ora saguh ngunjukake maknane marang Sang Prabu.

9. Bareng mangkono panggalihe Sang Prabu Belsyazar kejot banget sarta banjur dadi pucet; para panggedhe, abdine iya padha kaget.

10. Awit saka pangandikane Sang Prabu lan para panggedhe, abdine mau, Sang Prameswari Ibu banjur tindak lumebet ing gedhong papaning bujana. Sang Prameswari Ibu tumuli ngandika: “Dhuh Sang Prabu, muga langgenga kasugengane! Ciptaning panggalih aja nganti ndadekake kejot lan aja dadi pucet;

11. awit ing karajane Sang Prabu ana wong kang kapenuhan ing rohe para dewa kang suci! Nalika jamane rama dalem wong iku kadunungan pepadhang, akal-budi lan kawicaksanan kang kaya kawicaksanane para dewa. Iku wus kawisudha dening Sang Prabu Nebukadnezar, rama dalem, dadi tetindhihe para sarjana, para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum,

12. amarga wong iku kadunungan roh kang linuwih lan kawruh sarta akal-budi, satemah bisa nerangake impen, narbuka bab-bab kang winadi sarta bisa ngudhar reruwed, yaiku Dhaniel kang kaparingan jeneng Beltsazar dening Sang Prabu. Mulane Dhaniel iku katimbalana saiki, mengko mesthi bakal mratelakake maknane!”

13. Sang Dhaniel banjur kasowanake marang ing ngarsane Sang Prabu. Sang Dhaniel kadangu dening Sang Prabu: “Apa sira iku Dhaniel, salah sijine wong boyongan saka ing tanah Yehuda, kang kaboyong dening Sang Prabu, ramaningsun?

14. Ingsun wus midhanget bab sira, manawa sira iku kapenuhan ing rohe para dewa kang suci, lan manawa sira iku kadunungan pepadhang, akal-budi lan kawicaksanan kang pinunjul.

15. Para wong wicaksana, para juru gendam wus padha kasowanake marang ing ngarsaningsun, supaya padha macaa tulisan iki lan ngunjukake maknane tembung iku.

16. Nanging tumrap sira ingsun wus midhanget, manawa sira bisa ngunjukake makna lan bisa ngudhar reruwed. Awit saka iku, manawa sira bisa maca tulisan iku lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, sira bakal kapanganggonan wungu sarta gulunira bakal kinalungan rante emas, lan ana ing karajan kene sira bakal nduweni pangwasa, dadi wong kang katelu.”

maca bab lengkap Dhaniel 5