Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 5:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. Tuwin margi saking kaagungan ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenenganipun punika, mila para tiyang saking sadaya bangsa, suku-bangsa saha basa sami ajrih saha gumeter wonten ing ngarsanipun; panjenenganipun mejahi sinten ingkang dipun karsakaken, paring kaluhuran dhateng ingkang dipun karsakaken saha nglorod sinten ingkang dipun karsakaken.

20. Nanging sareng panggalihipun kumaluhur, tuwin wangkot, satemah tindakipun langkung dening angkuh, panjenenganipun lajeng kalungsur saking dhamparing karajanipun tuwin kamulyanipun kapundhut saking ing panjenenganipun.

21. Panjenenganipun katundhung saking ing antawisipun manungsa saha panggalihipun dados sami kaliyan manahipun kewan, tuwin dedalem ing satengahing kuldi wanan; panjenenganipun kaparingan dhahar rumput kados dene lembu, saha sariranipun katelesan ing ebuning langit ngantos panjenenganipun ngakeni, bilih Gusti Allah Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged njumenengaken sinten ingkang kakarsakaken wonten ing kalenggahan punika.

22. Nanging gusti kawula, Sang Prabu Belsyazar, ingkang putra, boten ngesoraken dhiri, sanadyan gusti kawula nguningani punika sadaya.

23. Gusti kawula ngegungaken dhiri wonten ing ngarsanipun Ingkang Kuwaos wonten ing swarga: Pirantosing Dalemipun kaladosaken dhumateng ing ngarsa dalem, gusti kawula kaliyan para pangageng abdi dalem, para garwa dalem ingkang padmi saha ingkang ampeyan lajeng sami ngunjuk ngagem pirantos punika; gusti kawula memuji dhateng dewa-dewa salaka lan kencana, tembagi, tosan, kajeng saha sela, ingkang boten saged ningali, mireng utawi mangretos, sarta gusti kawula boten ngluhuraken Gusti Allah, ingkang ngregem napas dalem saha nemtokaken margi-margi dalem.

24. Awit saking punika Panjenenganipun lajeng ngutus kurebing tangan punika kadhawuhan nyerat seratan punika.

25. Wondene ungeling seratan ingkang kaserat punika makaten: Mene, mene, tekel ufarsin.

26. Saha maknaning tembung-tembung punika makaten: Mene: wekdal paprentahanipun gusti kawula sampun kaetang dening Gusti Allah saha sampun dipun pungkasi.

27. Tekel: gusti kawula dipun timbang mawi traju lan pinanggihipun kenthengen;

28. Peres: karajan dalem kapecah tuwin kaparingaken dhateng bangsa Medhia saha Persia.”

29. Terang dhawuh timbalan dalem Sang Prabu Belsyazar, Sang Dhaniel banjur diagemi pangageman wungu lan janggane kaageman sang-sangan rante emas apadene tumuli kaundhangake, manawa panjenengane bakal dadi kang ngasta pangwaos kang katelu ana ing karajan.

30. Ing bengi iku uga Sang Prabu Belsyazar, ratuning wong Kasdim iku kasedanan.

maca bab lengkap Dhaniel 5