Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 5:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Sang Dhaniel nuli munjuk marang Sang Prabu: “Ganjaranipun gusti kawula punika mugi kaendhegna kemawon, peparingipun gusti kawula punika kaparingna dhateng tiyang sanes! Sanadyan makaten kawula badhe maos seratan punika kagem Sang Prabu saha ngunjukaken maknanipun dhumateng gusti kawula.

18. Dhuh gusti kawula Sang Prabu, Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, sampun maringaken pangwaos jumeneng ratu, kaagungan, kamulyan lan kaluhuran dhumateng Sang Prabu Nebukadnezar, rama dalem.

19. Tuwin margi saking kaagungan ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenenganipun punika, mila para tiyang saking sadaya bangsa, suku-bangsa saha basa sami ajrih saha gumeter wonten ing ngarsanipun; panjenenganipun mejahi sinten ingkang dipun karsakaken, paring kaluhuran dhateng ingkang dipun karsakaken saha nglorod sinten ingkang dipun karsakaken.

20. Nanging sareng panggalihipun kumaluhur, tuwin wangkot, satemah tindakipun langkung dening angkuh, panjenenganipun lajeng kalungsur saking dhamparing karajanipun tuwin kamulyanipun kapundhut saking ing panjenenganipun.

21. Panjenenganipun katundhung saking ing antawisipun manungsa saha panggalihipun dados sami kaliyan manahipun kewan, tuwin dedalem ing satengahing kuldi wanan; panjenenganipun kaparingan dhahar rumput kados dene lembu, saha sariranipun katelesan ing ebuning langit ngantos panjenenganipun ngakeni, bilih Gusti Allah Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged njumenengaken sinten ingkang kakarsakaken wonten ing kalenggahan punika.

22. Nanging gusti kawula, Sang Prabu Belsyazar, ingkang putra, boten ngesoraken dhiri, sanadyan gusti kawula nguningani punika sadaya.

maca bab lengkap Dhaniel 5