Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 3:26-30 Kitab Sutji (JAV)

26. Sang Prabu Nebukadnezar banjur nyelaki lawanganing pawon kang murub iku sarta medhar sabda, pangandikane: “Sadrakh, Mesakh lan Abednego, para abdining Allah kang mahaluhur, metua lan mrenea!” Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego nuli miyos saka ing geni mau.

27. Para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati lan para mentrining Sang Prabu padha nglempak sarta padha nguningani, yen sarirane priyagung iku padha ora mempan ing geni iku tuwin rema ing mastakane ora geseng, ageme jubah ora apa-apa, malah mambet geni bae padha ora.

28. Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Pinujia Allahe Sadrakh, Mesakh lan Abednego! Panjenengane wus ngutus malaekate lan ngluwari abdi-abdine, kang padha kumandel marang Panjenengane tuwin nerak pangandikaning ratu sarta kang masrahake badane, marga padha ora gelem memuja lan nyembah sadhengah allah kejaba Allahe.

29. Mulane Ingsun ngundhangake dhawuh: saben wong panunggalane bangsa, suku bangsa utawa kang basane apa bae, kang nglairake pangala-ala marang Allahe Sadrakh, Mesakh lan Abednego, iku bakal katengkel-tengkel sarta omahe bakal karubuhake kadadekake pawuhan, amarga ora ana allah liyane kang bisa ngluwari mangkono iku.”

30. Sang Prabu banjur paring kalenggahan kang dhuwur marang Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego ana ing wilayah Babil.

maca bab lengkap Dhaniel 3