Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 3:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Nebukadnezar yasa reca kencana kang dhuwure sawidak asta lan ambane nem asta, kang diadegake ana ing lebak Dura ing wilayah Babil.

2. Sang Prabu Nebukadnezar banjur nimbali nglumpuk para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati, para penasehating nagara, para juru gedhong, para hakim, para ahli hukum lan sakehe kepala daerah, kadhawuhan njenengi anggone ngresmekake reca kang wus diadegake dening Sang Prabu iku.

3. Para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati, para penasehating nagara, para juru gedhong, para hakim, para ahli hukum lan sakehing kepala dhaerah padha nglumpuk prelu njenengi anggone ngresmekake reca kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar mau.

4. Nuli ana abdi duta kang nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Mangkene kang kadhawuhake marang sira kabeh, heh para bangsa, suku bangsa lan kang basane apa bae:

5. samangsa sira padha krungu swaraning kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen liya-liyane, sira banjur padha nyembaha marang reca kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar iku.

6. Sing apa ora sujud nyembah, sanalika iku uga bakal kacemplungake ing pawon kang murub.”

7. Mulane bareng sakehing bangsa padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus lan unen-unen warna-warna, wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa, banjur padha sujud lan nyembah marang reca kencana kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar iku.

8. Ing nalika iku uga ana wong Kasdim sawatara kang padha nggugat wong Yahudi.

9. Iku padha munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Dhuh Sang Prabu, mugi langgenga kasugenganipun gusti kawula!

10. Gusti kawula Sang Prabu sampun ngundhangaken dhawuh, bilih saben tiyang ingkang mireng ungelipun kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret tuwin ungel-ungelan warna-warni, kedah sujud nyembah dhateng reca kencana punika,

11. saha bilih sinten ingkang boten sujud nyembah, badhe kacemplungaken ing pawon ingkang murub.

12. Wonten tiyang Yahudi sawatawis, ingkang sampun pinasrahan paprentahan ing wilayah Babil dening gusti kawula, inggih punika Sadrakh, Mesakh tuwin Abednego, tiyang punika boten sami mreduli dhateng dhawuhipun gusti kawula, dhuh Sang Prabu: sami boten memuja dhateng dewanipun gusti kawula saha sami boten nyembah dhateng reca kencana, ingkang sampun kaadegaken dening gusti kawula.”

13. Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar kalawan duka lan bendu dhawuh, supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego disowanake. Bareng wus padha sowan ing ngarsane Sang Prabu,

14. Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Apa bener, he Sadrakh, Mesakh lan Abednego, yen sira ora padha memuja marang dewaningsun lan ora nyembah marang reca emas kang ingsun adegake iku?

15. Ing saikine, manawa sira padha saguh, samangsa sira padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen warna-warna, sira padha sujuda marang reca kang ingsun yasa iku! Nanging manawa sira ora padha nyembah, padha sanalika sira bakal kacemplungake ing pawon kang murub. Manawa mangkono dewa ngendi kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?”

maca bab lengkap Dhaniel 3