Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 2:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku, sira bakal padha kena ing paukuman kang padha; sarta ingsun mirsa, manawa sira wus padha saiyeg bakal munjuk marang ingsun bab-bab kang ora nyata lan dora, nganti kaanan salin. Awit saka iku unjukna supena iku marang ingsun, supaya ingsun uninga, manawa sira padha bisa ngaturake maknane uga marang ingsun.

10. Unjuk wangsulane para wong Kasdim mau marang Sang Prabu: “Boten wonten tiyang satunggal kemawon ing salumahing bumi ingkang saged ngunjuki uninga bab pamundhutipun gusti kawula Sang Prabu! Saha boten nate wonten ratu, ingkang sanadyan kadospundi kemawon agungipun saha agenging pangwaosipun mundhut ingkang makaten punika dhateng satunggaling sarjana, juru gendam utawi satunggaling tiyang Kasdim.

11. Pamundhutipun gusti kawula punika langkung dening awrat, saha boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang saged ngunjuki uninga bab punika dhumateng gusti kawula Sang Prabu, kejawi para dewa ingkang boten dedunung wonten ing tengahipun manungsa.”

12. Marga saka iku Sang Prabu banjur duka banget lan bendu sarta dhawuh nyirnakake kabeh wong wicaksana ing Babil.

13. Nalika dhawuh saupaya para wong wicaksana padha dipateni mau kaundhangake, Dhaniel dalah kanca-kancane uga kaancam bakal pinatenan.

14. Dhaniel banjur matur kalawan kalimpadaning budi tuwin kawicaksanan marang Sang Ariokh, panggedhening prajurit pangawaling Sang Prabu, kang wus mangkat arep mateni para wong wicaksana ing Babil mau,

15. ature marang Sang Ariokh, panggedhe abdine Sang Prabu mangkene: “Punapa sababipun, dene Sang Prabu ngundhangaken dhawuh ingkang samanten awratipun punika?” Sang Ariokh banjur nerangake bab iku marang Dhaniel.

16. Dhaniel nuli sowan marang ing ngarsane Sang Prabu lan nyuwun,supaya kaparingana wektu kanggo ngunjuki uninga bab maknane marang Sang Prabu.

17. Sawuse iku Dhaniel banjur mulih aweh weruh bab mau marang Hananya, Misael lan Azarya, mitra-mitrane,

18. supaya tumuli padha nyuwun sih-piwelase Gusti Allahing saindenge langit ing bab kang winadi mau, satemah Dhaniel sakancane ora bakal kasirnakake bebarengan karo para wicaksana liyane ing Babil.

19. Wasana bab kang winadi mau banjur kebuka marang Dhaniel ing sajroning wahyu ing wayah bengi. Dhaniel nuli ngluhurake marang Gusti Allahe saindenging langit.

20. Mangkene pangucape Dhaniel: “Pinuja asmaning Allah wiwit saka kalanggengan tumeka ing kalanggengan, amarga kawicaksanan lan kasantosan iku ana ing Panjenengane,

maca bab lengkap Dhaniel 2