Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 2:41-48 Kitab Sutji (JAV)

41. Punapadene ingkang kauningan ing gusti kawula, suku tuwin driji-drijinipun saperangan ingkang kadamel lempungipun kundhi, saha saperangan tosan, punika ateges, bilih karajan wau rengka; pancen karajan wau inggih atos kadosdene tosan, cocog kaliyan ingkang kapirsanan dening gusti kawula, tosan wau campur kaliyan lempung.

42. Nanging kadosdene driji-drijining suku wau saperangan tosan saha saperangan malih lempung, makaten ugi karajan wau saperangan kiyat, tuwin saperangan ringkih.

43. Wondene gusti kawula mirsa tosan campur kaliyan lempung, punika ateges: sami badhe tetunggilan sarana sesemahan, nanging boten badhe saged manunggil saestu, kadosdene tosan anggenipun boten saged campur kaliyan lempung.

44. Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,

45. ngepleki ingkang kapirsanan dening gusti kawula, bilih boten margi saking pandameling tanganipun manungsa, wonten sela ingkang mencelat saking redi lajeng ngremuk tosan, tembagi, lempung, salaka saha kencana wau. Gusti Allah ingkang mahaagung sampun paring uninga dhumateng gusti kawula Sang Prabu bab punapa ingkang ing tembe badhe kalampahan; supena punika leres saha maknanipun kenging pinitados.”

46. Sang Prabu Nebukadnezar banjur sujud lan nyembah marang Dhaniel; uga paring dhawuh supaya diaturi kurban lan kekutug.

47. Sang Prabu ngandika marang Dhaniel: “Sanyata Allahira iku Allah kang ngluwihi sakehing allah lan kagungan pangwaos tumrap sakehing ratu sarta narbuka wewadi-wewadi, sabab sira wus bisa narbuka wewadi iku.”

48. Dhaniel banjur kaparingan kaluhuran dening Sang Prabu: kaganjar peparing kang linuwih, tuwin kawisudha dadi kang ngasta pangwasa ing saindenging wilayah Babil lan dadi panggedhene sakehing wong wicaksana ing Babil.

maca bab lengkap Dhaniel 2