Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 2:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kapindhone paprentahane Sang Prabu Nebukadnezar, Sang Prabu Nebukadnezar supena; marga saka iku panggalihe banjur ora jenjem lan ora bisa sare.

2. Sang Prabu nuli utusan nimbali para sarjana, para juru-gendam, juru sihir lan para wong Kasdim, kadhawuhan nerangake supena mau marang panjenengane; banjur padha sowan lan ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu.

3. Sang Prabu ngandika marang wong-wong mau: “Ingsun supena, lan marga saka supena iku panggalihingsun kuwur marga kepengin nguningani supena iku.”

4. Para wong Kasdim iku banjur padha munjuk marang Sang Prabu (ing basa Aram): “Dhuh Sang Prabu! Mugi langgenga kasugengan dalem! Mugi karsaa paring sumerep bab supena punika dhateng para abdi dalem, mangke kawula badhe ngunjukaken maknanipun.”

5. Nanging paring wangsulane Sang Prabu marang wong Kasdim mau: “Ingsun wus damel putusan, yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku lan maknane, sira mesthi bakal padha katengkel-tengkel sarta omahira bakal padha karubuhake kadadekake tumpukan uwuh,

6. nanging manawa sira padha bisa ngunjuki uninga bab supena lan maknane, sira bakal padha tampa ganjaran, peparing lan kaurmatan kang gedhe saka ingsun. Mulane padha ngunjukana uninga marang ingsun bab supena iku lan maknane!”

7. Wong-wong mau padha munjuk maneh: “Sumangga gusti kawula Sang Prabu kawula aturi ngandikakaken supena punika dhateng para abdi dalem punika, mangke kawula sami badhe ngunjukaken maknanipun.”

8. Sang Prabu mangsuli, pangandikane: “Ingsun mirsa ing satemene, manawa sira padha ngudi ngulur-ulur wektu, awit sira padha sumurup, yen ingsun wus damel putusan,

9. yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku, sira bakal padha kena ing paukuman kang padha; sarta ingsun mirsa, manawa sira wus padha saiyeg bakal munjuk marang ingsun bab-bab kang ora nyata lan dora, nganti kaanan salin. Awit saka iku unjukna supena iku marang ingsun, supaya ingsun uninga, manawa sira padha bisa ngaturake maknane uga marang ingsun.

10. Unjuk wangsulane para wong Kasdim mau marang Sang Prabu: “Boten wonten tiyang satunggal kemawon ing salumahing bumi ingkang saged ngunjuki uninga bab pamundhutipun gusti kawula Sang Prabu! Saha boten nate wonten ratu, ingkang sanadyan kadospundi kemawon agungipun saha agenging pangwaosipun mundhut ingkang makaten punika dhateng satunggaling sarjana, juru gendam utawi satunggaling tiyang Kasdim.

11. Pamundhutipun gusti kawula punika langkung dening awrat, saha boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang saged ngunjuki uninga bab punika dhumateng gusti kawula Sang Prabu, kejawi para dewa ingkang boten dedunung wonten ing tengahipun manungsa.”

12. Marga saka iku Sang Prabu banjur duka banget lan bendu sarta dhawuh nyirnakake kabeh wong wicaksana ing Babil.

13. Nalika dhawuh saupaya para wong wicaksana padha dipateni mau kaundhangake, Dhaniel dalah kanca-kancane uga kaancam bakal pinatenan.

14. Dhaniel banjur matur kalawan kalimpadaning budi tuwin kawicaksanan marang Sang Ariokh, panggedhening prajurit pangawaling Sang Prabu, kang wus mangkat arep mateni para wong wicaksana ing Babil mau,

15. ature marang Sang Ariokh, panggedhe abdine Sang Prabu mangkene: “Punapa sababipun, dene Sang Prabu ngundhangaken dhawuh ingkang samanten awratipun punika?” Sang Ariokh banjur nerangake bab iku marang Dhaniel.

maca bab lengkap Dhaniel 2