Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 10:6-15 Kitab Sutji (JAV)

6. Sarirane kaya sesotya Tarsis sarta pasuryane kaya cahyaning kilat; paningale kaya obor murub; astane lan sampeyane gumilap kaya tembaga ginebeg, sarta swantening pangandikane kaya gumuruhe wong akeh.

7. Mung aku dhewe, Dhaniel, kang ndeleng wahyu iku, wong liyane kang padha bebarengan karo aku, padha ora sumurup; mung bae iku padha ketaman ing pagiris kang banget, satemah padha lumayu ndhelik;

8. dadine aku mung kari ijen.Nalika aku ndeleng wahyu kang gedhe mau, aku banjur koncatan kakuwatanku kabeh; aku dadi pucet banget lan lemes.

9. Aku nuli krungu swantening pangandikane iku, aku banjur tiba kerungkeb ora eling.

10. Nanging tumuli ana asta kang ndemek aku, aku ditangekake, temah aku krengkangan kalawan dhengkul lan tanganku.

11. Aku dipangandikani mangkene: “Dhaniel, kowe iku wong kang kinasihan, gatekna apa kang dakkandhakake marang kowe iki, ngadega, awit aku iki diutus marani kowe.” Bareng aku dipangandikani mangkono iku, aku nuli ngadeg kalawan gumeter.

12. Aku banjur dipangandikani mangkene: “Aja wedi, Dhaniel, amarga wiwit dina kapisan anggonmu nduweni niyat kapengin oleh pangreten lan anggonmu ngasorake awakmu ana ing ngarsaning Allahmu, panyuwunanmu wus katrimah, dene anggonku teka iki iya marga saka panyuwunanmu iku.

13. Panggedhene karajan Persia iku nglawan marang aku lawase selikur dina; nanging Sang Mikhael, sawijining panggedhe kang pinunjul, iku rawuh mbiyantu aku, nuli daktinggal ana ing kana nalika lagi ajeng-ajengan karo para rajane wong Persia.

14. Aku banjur mrene prelu aweh sumurup marang kowe bab apa kang bakal kelakon tumrap bangsamu besuk ing dina wekasan, amarga wahyu iki iya tumuju marang jaman kang bakal kelakon.”

15. Nalika bab iki dipangandikakake marang aku, aku tumungkul kalawan njenger.

maca bab lengkap Dhaniel 10