Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 10:10-21 Kitab Sutji (JAV)

10. Nanging tumuli ana asta kang ndemek aku, aku ditangekake, temah aku krengkangan kalawan dhengkul lan tanganku.

11. Aku dipangandikani mangkene: “Dhaniel, kowe iku wong kang kinasihan, gatekna apa kang dakkandhakake marang kowe iki, ngadega, awit aku iki diutus marani kowe.” Bareng aku dipangandikani mangkono iku, aku nuli ngadeg kalawan gumeter.

12. Aku banjur dipangandikani mangkene: “Aja wedi, Dhaniel, amarga wiwit dina kapisan anggonmu nduweni niyat kapengin oleh pangreten lan anggonmu ngasorake awakmu ana ing ngarsaning Allahmu, panyuwunanmu wus katrimah, dene anggonku teka iki iya marga saka panyuwunanmu iku.

13. Panggedhene karajan Persia iku nglawan marang aku lawase selikur dina; nanging Sang Mikhael, sawijining panggedhe kang pinunjul, iku rawuh mbiyantu aku, nuli daktinggal ana ing kana nalika lagi ajeng-ajengan karo para rajane wong Persia.

14. Aku banjur mrene prelu aweh sumurup marang kowe bab apa kang bakal kelakon tumrap bangsamu besuk ing dina wekasan, amarga wahyu iki iya tumuju marang jaman kang bakal kelakon.”

15. Nalika bab iki dipangandikakake marang aku, aku tumungkul kalawan njenger.

16. Nanging tumuli ana kang ndemok lambeku, kang sawangane kaya manungsa; aku banjur mbukak cangkemku lan wiwit celathu, matur marang kang jumeneng ana ing ngarepku iku: “Dhuh Bendara, margi saking wahyu punika kawula lajeng ngraos sakit saha boten kadunungan kakiyatan malih.

17. Nanging kadospundi dene kawula, ingkang abdi kok saged wawan rembag kaliyan Bendara kawula, mangka kawula sampun boten gadhah kakiyatan malih saha sampun boten wonten ambekan kawula?”

18. Panjenengane kang sawangane kaya manungsa iku tumuli ndemek aku maneh lan paring kakuwatan marang aku,

19. kalawan ngandika: “Heh wong kang kinasihan, aja wedi, tentrem rahayu anaa ing kowe, sing santosa, sing santosa!” Sajrone aku dipangandikani mangkono iku, aku rumangsa banjur dadi kuwat maneh lan matur: “Kawula aturi ngandika, dhuh Bendara kawula, awit kawula sampun kaparingan kakiyatan.”

20. Tumuli pangandikane mangkene: “Apa kowe mangreti sababe anggonku nekani kowe? Sadhela engkas aku arep bali arep perang nglawan panggedhening wong Persia lan sawuse rampung kalawan dheweke iku, panggedhening nagara Yunani bakal teka.

21. Ewadene kowe bakal daksumurupake marang apa kang katulisan ana ing Kitabing Kabeneran.Ora ana kang bakal mbiyantu aku kalawan ati kang teguh nglawan wong-wong mau, kajaba panggedhemu Sang Mikhael,

maca bab lengkap Dhaniel 10