Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 10:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang katelune paprentahane Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia, ana pangandika kang kawedharake marang Sang Dhaniel kang asma Beltsazar; pangandika iku sanyata lan mratelakake bab karubedan kang gedhe. Panjenengane mangretos marang pangandika mau sarta migatosake marang wahyu iku.

2. Ing nalika iku aku, Dhaniel nglakoni prihatin telung minggu:

3. ora mangan pangan kang enak, cangkemku ora klebon daging lan anggur sarta aku ora nganggo lenga jebad nganti sapundhate telung minggu mau.

4. Ing dina kang kaping patlikur ing sasi kapisan, nalika aku ana ing sapinggire kali gedhe, yaiku kali Tigris,

5. aku ndengengek sumurup ana priya ngagem pangageman lena lan paningset emas saka ing Ufas.

6. Sarirane kaya sesotya Tarsis sarta pasuryane kaya cahyaning kilat; paningale kaya obor murub; astane lan sampeyane gumilap kaya tembaga ginebeg, sarta swantening pangandikane kaya gumuruhe wong akeh.

7. Mung aku dhewe, Dhaniel, kang ndeleng wahyu iku, wong liyane kang padha bebarengan karo aku, padha ora sumurup; mung bae iku padha ketaman ing pagiris kang banget, satemah padha lumayu ndhelik;

8. dadine aku mung kari ijen.Nalika aku ndeleng wahyu kang gedhe mau, aku banjur koncatan kakuwatanku kabeh; aku dadi pucet banget lan lemes.

9. Aku nuli krungu swantening pangandikane iku, aku banjur tiba kerungkeb ora eling.

10. Nanging tumuli ana asta kang ndemek aku, aku ditangekake, temah aku krengkangan kalawan dhengkul lan tanganku.

maca bab lengkap Dhaniel 10