Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 9:5-15 Kitab Sutji (JAV)

5. Iya Panjenengane kang ngelih gunung ora kalawan kasumurupan ing wong,lan diwolak-walik ing sajroning bebendune;

6. ngingser bumi saka ing panggonane,satemah saka-sakane padha gonjing,

7. srengenge diwaleri, temah ora mlethek;lintang-lintang dikurung kalawan disegel;

8. Gusti Allah piyambak kang mbeber langit,kang nglangkahi alune sagara,

9. kang nitahake lintang Prau,lintang Wluku lan lintang Wuluh,apadene lintang-lintang ing kidul;

10. kang nindakake pakaryan kang agung, ora kena jinajagan;sarta kaelokan tanpa wilangan.

11. Manawa Panjenengane langkung ing sandhingku, aku ora sumurup,lan manawa lumampah aku ora ndeleng.

12. Manawa Panjenengane ngrebat apa-apa, kang ngalang-alangi sapa?Sapa kang munjuk: Punapa ingkang Paduka tindakaken punika?

13. Gusti Allah ora mekak bebendune,para pambantune Rahab padha tumelung ana ing ngarsane.

14. Apamaneh aku, kapriye bisaku madoni Panjenengane,utawa milih tembung kanggo nglawan marang Panjenengane?

15. Sanadyan aku bener, iya mangsa bisaa ngunjukake panjawab,malah aku kudu nyuwun sih-piwales marang Hakimku.

maca bab lengkap Ayub 9