Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 9:20-35 Kitab Sutji (JAV)

20. Sanadyan aku bener, cangkemku dhewe kang bakal ngluputake aku;sanadyan aku ora salah, Panjenengane kang bakal nyalahake aku.

21. Aku ora luput! Aku ora mreduli awakku,aku ora ngetung uripku.

22. Kabeh-kabeh iku padha bae, mulane pangucapku:Wong luput lan wong ora luput karo-karone padha tinumpes.

23. Manawa cemethine dumadakan memateni,Panjenengane banjur nggegujeng bubrahing nalare wong kang ora luput.

24. Bumi wus kapasrahake marang wong duraka,hakime jagad ditutupi raine;manawa dudu Gusti Allah kang nindakake iku, lah sapa ta?

25. Playune dina-dinaning umurku rikate ngungkuli utusan kilat,wus padha larud tanpa nyumurupi kabegjan,

26. pesating lakune kaya prau glagah,kaya abure manuk garudha kang nyamber memangsan.

27. Saupami kawula gadhah pangucap makaten: Daklalekake sesambatku,dakbuwange anggonku mbesengut, banjur dadi bungah maneh,

28. punika kawula ajrih dhateng kasisahan kawula sadaya,awitdene kawula sumerep, bilih Paduka boten badhe mastani kawula tanpa kalepatan.

29. Kawula temtu katetepaken tiyang duraka,punapa ginanipun kawula ngantos kangelan tanpa wekasan?

30. Sanadyan kawula adusa toya salju,sarta wisuha mawi sabun,

31. Paduka temtu mblesekaken kawula ing endhutan,lajeng sandhangan kawula sami nganggep jijik dhateng kawula.

32. Amarga Panjenengane iku dudu manungsa kaya aku,kang kena dakcaosi panjawab:Sumangga sami sesarengan sowan dhateng ing ngarsaning pangadilan.

33. Ora ana juru pamisah,kang numpangake tangan marang kita sakarone!

34. Satemah Panjenengane banjur nyingkirake gebage saka ing awakku,sarta aku nuli ora giris ana ing ngarsane.

35. Manawa kelakon mangkono, aku iya bakal munjuk ora nganggo wedi,awit aku pancen ora mangkono.”

maca bab lengkap Ayub 9