Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 9:2-7 Kitab Sutji (JAV)

2. “Sanyatane aku wus sumurup, yen iku pancen mangkono,kapriye manungsa anggone bisa tinemu bener ana ing ngarsaning Allah?

3. Saupama Gusti Allah karsa mabeni,ing sewu prakara saprakara bae mesthi ora bisa ngunjuki wangsulan.

4. Sapa ta, sanadyan wicaksana atine lan gedhe kakuwatane,kang bisa nglawan marang Panjenengane sarta lestari slamet?

5. Iya Panjenengane kang ngelih gunung ora kalawan kasumurupan ing wong,lan diwolak-walik ing sajroning bebendune;

6. ngingser bumi saka ing panggonane,satemah saka-sakane padha gonjing,

7. srengenge diwaleri, temah ora mlethek;lintang-lintang dikurung kalawan disegel;

maca bab lengkap Ayub 9