Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 8:9-22 Kitab Sutji (JAV)

9. Amarga kita iki padha bocah dhek wingi sore, padha ora sumurup apa-apa,awit umur kita ana ing donya iki kayadene wewayangan.

10. Para leluhur mau rak sing kudu mulang lan pratela marang kowe,tuwin nglairake tetembungan kang metu saka ing atine.

11. Bangsane glonggong apa bisa thukul gedhe, manawa ora ana ing rawa,utawa glagah apa bisa thukul subur manawa tanpa banyu?

12. Sanadyan lagi nedheng-nedhenge thukul, sadurunge mangsane dipecok,rak mesthi banjur alum, gelis iku katimbang karo bangsa suket liyane.

13. Ora beda karo lelakone sakehe wong kang ora eling marang Gusti Allah;iku sirna pangarep-arepe;

14. pangarep-arepe kaya jaring kemlandhingan,lan pangandele kaya jaring kemangga,

15. omahe dianggo sesendhen, nanging ora bisa terus ngadeg,digondheli, nanging ora kuwat.

16. Dheweke kaya tetuwuhan kang isih seger ana ing padhange srengenge,elunge mratani ing patamanane.

17. Oyod-oyode nggubet-nggubet ing tumpukan watu,lan nlesep-nlesep ing sela-selaning watu-watu iku.

18. Manawa dibedhol saka ing panggonane,banjur diselaki dening panggonan mau, pangucape:Aku durung tau weruh kowe.

19. Iya mangkono iku kabungahaning uripe,sarta nuli ana thethukulan liyane kang tuwuh saka ing lemah.

20. Sumurupa, Gusti Allah ora bakal nampik wong kang temen,lan ora ngasta tangane wong kang gawe duraka.

21. Panjenengane isih damel tutukmu gumuyu,sarta damel lambemu asurak-surak.

22. Satrumu bakal sinandhangan wirang,tuwin tarube wong duraka bakal sirna.”

maca bab lengkap Ayub 8